BIMA SUCI
this site the web

Recent Photos

image
image
image

Sang Pegiat Sastra Jawa

“Populer menika sanes saking awakipun piyambak ananging saking masarakat” menika wau ngendikanipun sang pegiat Sastra Jawa. Asma jangkepipun Akhir Lusono, S. Sn, miyos surya kaping 25 Oktober 1970. Bapak ingkang akrab dipunundang Pak Akhir menika salah satunggaling tiyang ingkang nggeluti bidang Sastra Jawa. Riwayat pendidikanipun saking SD, SMP, SMEA wonten ing Wonosari, S1 wonten Institut Seni Indonesia (ISI) Jurusan Teater. Pak Akhir menika aktif wonten ing dunia Sastra mliginipun Sastra Jawa wiwit taun 1995. Ing wekdal sakmenika Pak Akhir ngasta wonten ing PPPPTK Seni dan Budaya Yogyakarta bidang Broadcast lan minangka Instruktur. Nalika kula maringi pitakenan suka dukanipun nggeluti dunia Sastra Jawa, Pak Akhir ngendika bilih kathah sukanipun, amargi sedayanipun kawiwitan saking niat ingkang tulus lan ati ingkang seneng. “Dados menawi atinipun sampun seneng Insyaallah sedayanipun saged lumampah kanthi sae” pangandikanipun. Lajeng dukanipun inggih menika masyarakat mliginipun para wiranem mboten kathah ingkang remen kalihan dunia Sastra mliginipun Sastra Jawa menika.
Alasanipun Pak Akhir milih dunia Sastra Jawa menika minangka sumbangsih dhateng Seni lan Budaya ingkang sakmenika kirang dipunremeni kalihan masarakat lan kangge nguri-uri kabudayan Jawi. Pak Akhir maringi pirsa caranipun supados saged nggayuh menapa ingkang dipunpengini inggih menika kedah saged konsisten lan continue sampun ngantos pedhot. Ing pungkasaning wawanpangandikan Pak Akhir maringi pesen kangge masarakat mliginipun para wiranem generasi bangsa bilih kita kedah remen kalihan basa kita piyambak lan saged nguri-uri basa kita piyambak inggih menika basa Jawi. Caranipun inggih saking awakipun piyambak lajeng dumugi masarakat wiyar. “Sampun ngantos kita kesupen kalihan basa kita piyambak”, pungkasanipun pangandikan

Dening Waliy Asluki
10205244009                 
 

Titis Uriping Noe

Sabrang Mowo Damar Panuluh ingkang langkung kawentar Noe, lair wonten ing Yogyakarta 10 Juni 1979, samenika dados vokalis grup band nasional inggih menika Letto. Noe lair wonten ing lingkungan seniman, bapak Noe menika kawentar dados budhayawan inggih menika Emha Ainun Najib dene ibu tiri menika artis sinetron Novia Kolopaking. Putra saking Emha Ainun Najib utawi Cak Nun saha garwa ingkang sepisan inggih menika Neneng lair wonten tengah-tengahing kulawarga seniman. Umur 6 taun Noe kedah ningali kahanan bilih bapa saha ibu menika kedah pisah, Noe alit menika wonten ing Lampung, Wekdal SD Noe sekolah wonten ing SD 1 Yosomulyo, nglajengaken wonten SMP Xaverius Metro.

Wekdal taksih SMP, Pak lik menika maringi kaset-kaset bekas grup band Queen. lajeng saking prastawa makaten Noe miwiti ngertos musik, Noe wiwit saged ngraosaken kados pundi raos menawi damel musik utawi lagu. Noe ugi wiwit latihan piranti musik, dene piranti ingkang sepisan menika keyboard. Saksampunipun lulus saking SMP lajeng Noe wangsul malih dhateng Yogyakarta. Noe nglajengaken sekolah wonten ing SMA 7 Yogyakarta. Wonten ing SMA 7 Yogyakarta menika Noe tepung kaliyan Ari, Dedy saha Patub.  Wekdal semanten dereng bentuk band, saksampunipun lulus SMA, Noe nglajengaken kuliah wonten ing University of Alberta, Kanada. Wonten ing universitas menika, Noe mundhut kalih jurusan, inggih menika matematika saha fisika. Dados saksampunipun lulus, Noe menika gadhah kalih gelar, Bachelor of Mathematic saha Bachelor of Physics.

Saksampunipun Noe wangsul wonten ing Indonesia, Noe wiwit akrab malih kaliyan kanca-kancanipun. Sanesipun ugi Noe asring dolanan musik wonten ing studio Kiai Kanjeng. Grup musik ingkang dipunpandhegani dening Novi Budianto, ingkang samenika dados partner saha sahabat Cak Nun ngantos dumugi samenika. Saking studio menika Noe wiwit ngertos menapa menika mixing, matering, produksi saha nyerat tembang. awit samenika Noe wiwit kathah nyerat tembang ingkang samenika kathah wonten ing album Letto ingkang dipunpandhegani dening Noe, Ari, Dedy saha Patub, dene album menika Truth, Cry and Lie. Album menika angsal double platinum, sukses menika dadosaken Letto damel album malih inggih menika Don't Make Me Sad. Wiwit 10 Juni 2008, Noe ngawontenaken production house (PH) Pic[k] lock kaliyan Dewi Umaya Rachman. Film ingkang sepisan inggih menika Minggu Pagi di Victoria Park ingkang dipunrilis tanggal 10 Juni 2010. Sakmenika taksih nyamektakaken film ingkang kaping kalih inggih menika RAYYA, Cahaya di Atas Cahaya ingkang dipunserat piyambak dening bapakipun Emha Ainun Najib saha Viva Westi.

Romadhona Wahyu Nurochman
10205244034
PBD G 2010