BIMA SUCI
this site the web

Lawang Sewu


LAWANG SEWU


Lawang Sewu menika salah satunggaling wangunan wonten ing Semarang, Jawa Tengah ingkang kala rumiyin menika dados kantor saking Nederlands-Indische Spoorweg Maatschappij utawi NIS. Dipun bangun wonten ing tahun 1904 lan rampung wonten ing tahun 1907. Letakipun wangunan menika wonten ing bunderan Tugu Muda ingkang kala rumiyin menika dipunsebat Wilhelminaplein.
Masyarakaat wonten mriku nyebataken bilih Lawang Sewu (Seribu Pintu) amargi wangunan kasebut milih lawang ingkang kathah sanget. Kanyatanipun lawang menika boten ngantos sewu. Wangunan menika gadhah kathah jendela ingkang dhuwur lan amba, saengga masyarakat menika nganggep bilih jendela menika lawangipun.
Wangunan kuna lan megah kanthi kalih lantai menika sabibaripun kemerdekaan dipun angge kantor Djawatan Kereta Api Repoeblik Indonesia (DKARI) utawi sakmenika PT Kereta Api Indonesia. Sanesipun sampun nate dipun ginakaken Kantor Badan Prasarana Komando Daerah Militer (Kodam IV/Diponegoro) lan Kantor Wilayah (Kanwil) Kementrian Perhubungan Jawa Tengah.Wonten ing jaman perjuangan wangunan menika gadhah catetan bilih nalika semanten kalangsungaken prastawa Pertempuran lima hari wonten ing Semarang (14 Oktober – 19 Oktober 1945). Gedung ingkang sampun sepuh menika daos lokasi pertempuran ingkang hebat antawisipun pemuda AMKA utawi Angkatan Muda Kereta Api nglawan Kempetai lan Kidobutai, Jepang. Amargi menika bilih Pamarintah Kota Semarnag kanthi Surat Keputusan Wali Kota Nomor 650/50/1992, ngalebetaken bilih Lawang Sewu menika salah satunggalipun  saking 102 wangunan kuno utawi wangunan bersejarah ingkang kedah dipunlindungi.

Dening Mita Nur Anisya
NIM 10205244030

Tirta Awet Enom Taman Nirmada

 


 


Tirta Awet Enom Ing Taman Narmada

 

 

Taman Narmada papanipun wonten ing Desa Lembuah, Kecamatan Narmada, Kabupaten Lombok Barat, 10km sisih etan Kutha Mataram, Nusa Tenggara Barat. Kados Taman Air Mayura, Taman Narmada ugi kathah wisatawan, domestik utawi mancanagari. Taman Narmada anggadhai daya tarik para wisatawan, sanesipun nggadhahi taman ingkang langkung jembar, ugi wonten ing taman menika nggadhahi pinten-pinten kolam ingkang sarat nilai sejarah. 

Nama Narmada, kala rumiyen saking tembung Narmadanadi, nama salah satunggaling anak sungai(kalen) Sungai Gangga saking India. Sungai Gangga  yaiku salah setunggaling kali ingkang dipun anggep suci, keramat kangge umat Hindu ing India.

Taman Narmada luasipun kurang luwih 2 ha. Taman menika dipun bangun ing taun 1727 dening Raja Mataram Lombok, Putra Agung Ngurah Karangasem. Saksanesipun kangge panggenan upacara, Taman Narmada ugi dipunginakaken kangge panggenan istirahat keluarga raja ing musim ketiga. Sumber mata air ingkang ngisi kolam wonten ing Taman Narmada menika diyakini saged nggawe awit enom. Para plesir menika biasanipun badhe ciblon tiga ngantos sekawan jam. Uga kathah ibu-ibu dateng ing taman namung mundhut toya awit enem menika, tiyang gesang menika yakin menawi toya kasebut saged ngencengaken kulit-kulit awah ingkang sampun kendor. Panaliten ugi nunjukaken menawa toya ing sumber mata air wonten ing taman menika nggadhahi mineral ingkang langkung nginggil.

Ingkang unik ing taman menika yaiku toya ing sumber mata air menika boten nate sat dipundhut pinten-pinten mawon saben dinane, menawi dipuntingali sumber mata air langkung alit.

Taman Narmada ugi nggadhahi Pura Kelasa. Pura Kalasa inggih menika salah satunggaling Pura Jagat ingkang paling dangu ing Lombok. Pura  kelasa menika replika Gunung Rinjani ingkang nyatu kaliyan kolam segara anak, dipunbangun kanthi kiblat arah puncak Gunung Rinjani kaliyan danau Segara Anakanya.

 

Dening Jasmi Anes

NIM 10205244013 

Sheila On 7 Nggonjangaken GOR UNY

Sheila On 7  Nggonjangaken Gor UNY


Tanggal 21 oktober 2012, minggu wengi, wonten ing Jl. Colombo saking pretelon Colombo ngantos Prapatan pom bensin Sagan macet total. Mboten amerga kecelakaan motor utawi demo mahasiswa. Ananging pada antri ingkang badhe nonton “Parade Musik FE UNY 2012, Musik Istimewa Untuk DIY” ingkang dipunadakaken ing GOR UNY.
Parade Musik FE UNY 2012 inggih menika pagelaran musik istimiwa ingkang dipunadakaken BEM FE UNY, raos syukur saking disahaken UUK DIY lan kangge mengeti dinten dadosipun Kutha Ngayogyakarta ingkang kaping 256, sedaya kalawau wujud saking poin Tri Dharma PT yaiku ngabdi kaliyan masarakat.
Acara ingkan dipun wiwiti saking sonten ngantos dalu, nyuguhaken kathak kreasi seni. Pambuka acara ingkang dipunbikak kanthi sambutan Rektor UNY, badan wakil Gubernur DIY ugi dibarengi pemotongan 256 tumpeng, saklejengipun deklamasi puisi babagan sejarah DIY, pagelaran musik tradisional, dilajengaken band-band indie lan dipungkasi guest star yaiku Sheila On 7. Antusias ingkang nonton  ageng sanget. Katitik saking GOR UNY ingkang sesak, kebak , kados lautan menungsa, ingkang dipunwastani Sheila Genk saperlu nonton parade musik FE UNY lan seksi tasukuran UUK kanthi caranipun cah enem.
Wonten ing sambutan, Prof. Dr. Rochmad Wahab, M.Pd. M. A, ingkang selaku rektor UNY ngapresiasi sedaya panitia sarta BEM FE UNY saking kaselenggarakaken acara Parade Musik FE. Acara Musik Istimewa kangge DIY ingkang sepisanan wonten ing UNY, ugi ngucapaken selamat ingkang disahaken UUK DIY kanthi kapilih Sri Sltan Hamengku Buwono X minangka Gubernur lan Sri Paduka Paku Alam IX  minangka wakil Gubernur DIY.
Wonten ing sambutan Sri Sultan Hamengku Buwono X ingkang diwaosaken wakil Sri Sultan ingkang isinipun bangga kaliyan BEM FE UNY sarta panitia ingkang nganakaken acara menika, ing tengah-tengah ngrampungaken studi para mahasiswa wonteng kepenginan ngadakaken acara ingkang langkung sae.
Pangarep-arepe panitia ana acara menika, mugi-mugi saged nyadaraken para tiyang enem kedhah langkung seneng kabudayan lokal  sarta luwih tanggap kaliyan kondisi sosial ing daerahipun. 

Dening Jasmi Anes
NIM 10205244013

Bis MIRA Nggoling Nabrak Trotoar



SLEMAN—Bus Mira Nopol S 7175 US Jurusan Surabaya-Jogja ingkang dipunsopiri dening Basuki njempalik amargi ngindari tiyang ingkang nyebrang wonten ing dalan Jogja-Solo kilometer 14, Kalasan, Sleman, Jumat (19/10) awan. Tiyang ingkang mlampah, Jamini (64) warga Blimbing Lor Manyaran, Wonogiri seda. Tiyang 5 penumpang bis lecet-lecet. Poniti salah satunggaling penumpang ngandharaken bilih wonten tiyang estri ingkang badhe nyebrang. Ananging tiyang menika ketabrak dening bis ingkang mlaku kanthi banter. Miturut pamanggih Poniti, wekdal kedadean menika bus mlaku kanthi kecepatan normal. “Mlaku kecepatanipun lumayan saking arah Jogja, sanalika wonten tiyang ingkang nyebrang. Bus kalawau nyoba ngindari, banting setir nengen, nabrak trotoar lan wit banjur ngguling.”cariyosipun Poniti.
Kecelakaan menika kedadean kurang luwih jam 12.15WIB. Wonten 20 penumpang ingkang saking terminal Solo tujuan dhateng Jogja. ”Kula boten mangertos ingkang luka menika pinten, ananging kula langsung mlayu menyang Polsek”sopir bis, Basuki.Basuki ngakoni bilih bus ingkang disetiri menika ngindhari tiyang ingkag nyebrang margi. Ananging tiyang menika sampun dipunklakson-klakson menika boten mireng.”Kula banting setir nengen banjur nabrak trotoar lan wit, banjur ngguling ngiwo nibani tiyang estri ingkang nyebrang kala wau.”cariyosipun Basuki.
Sopir dipunamanaken nalika jenazah tiyang estri menika sampun dievakuasi wonten ing Rumah Sakit Bhayangkara. “Kaca wonten ing ngajeng bus menika pecah, taksih wonten ing tengah margi. Posisi bus malang wonten ing tengah margi. Penumpang-penumpang wonten ing bis menika sami panik, lajeng sami medal saking bis kangge nylametaken nyawanipun piyambak-piyambak,”cariyosipun Poniti. Saking prastawa menika nyebabaken lalu lintas arah Solo dhateng Jogja Kilometer 14 ngalami macet total dumugi 5 kilometer. Warga-warga wonten ing mriku ngebakki lokasi bis ingkang nahas menika.
Para penumpang ingkang luka dirawat wonten ing RS Bhayangkara. Penumpang ingkang dipunrawat inggih menika Andik Kurniawan (kernet bus) waaarga Mojokerto, Jawa Timur, Dwi Agung (penumpang), Partini (penumpang) warga Umbulharjo, Yogyakarta.
Sopir bis Mira, Basuki Mandra diamanaken Polres Sleman. Sopir lan kernet badhe nglaksanakaken pamariksan.”Bis MIRA ngguling amargi ngindari tiyang ingkang nyebrang ndadak saengga sopir menika banting setir nengen. Ananging tetep mawon biten saged ngindari tiyang ingkang nyebrang menika. Bis nabrak trotoar lan wit saenggo bis ngguling ngiwa,”ujar Kapolsek Sleman,Kempol Suparjo, wonten ing lokasi kecelakaan, Jumat (19/10).


Dening Mita Nur Anisya
NIM.10205244030