BIMA SUCI
this site the web

Sang Pegiat Sastra Jawa

“Populer menika sanes saking awakipun piyambak ananging saking masarakat” menika wau ngendikanipun sang pegiat Sastra Jawa. Asma jangkepipun Akhir Lusono, S. Sn, miyos surya kaping 25 Oktober 1970. Bapak ingkang akrab dipunundang Pak Akhir menika salah satunggaling tiyang ingkang nggeluti bidang Sastra Jawa. Riwayat pendidikanipun saking SD, SMP, SMEA wonten ing Wonosari, S1 wonten Institut Seni Indonesia (ISI) Jurusan Teater. Pak Akhir menika aktif wonten ing dunia Sastra mliginipun Sastra Jawa wiwit taun 1995. Ing wekdal sakmenika Pak Akhir ngasta wonten ing PPPPTK Seni dan Budaya Yogyakarta bidang Broadcast lan minangka Instruktur. Nalika kula maringi pitakenan suka dukanipun nggeluti dunia Sastra Jawa, Pak Akhir ngendika bilih kathah sukanipun, amargi sedayanipun kawiwitan saking niat ingkang tulus lan ati ingkang seneng. “Dados menawi atinipun sampun seneng Insyaallah sedayanipun saged lumampah kanthi sae” pangandikanipun. Lajeng dukanipun inggih menika masyarakat mliginipun para wiranem mboten kathah ingkang remen kalihan dunia Sastra mliginipun Sastra Jawa menika.
Alasanipun Pak Akhir milih dunia Sastra Jawa menika minangka sumbangsih dhateng Seni lan Budaya ingkang sakmenika kirang dipunremeni kalihan masarakat lan kangge nguri-uri kabudayan Jawi. Pak Akhir maringi pirsa caranipun supados saged nggayuh menapa ingkang dipunpengini inggih menika kedah saged konsisten lan continue sampun ngantos pedhot. Ing pungkasaning wawanpangandikan Pak Akhir maringi pesen kangge masarakat mliginipun para wiranem generasi bangsa bilih kita kedah remen kalihan basa kita piyambak lan saged nguri-uri basa kita piyambak inggih menika basa Jawi. Caranipun inggih saking awakipun piyambak lajeng dumugi masarakat wiyar. “Sampun ngantos kita kesupen kalihan basa kita piyambak”, pungkasanipun pangandikan

Dening Waliy Asluki
10205244009                 
 

Titis Uriping Noe

Sabrang Mowo Damar Panuluh ingkang langkung kawentar Noe, lair wonten ing Yogyakarta 10 Juni 1979, samenika dados vokalis grup band nasional inggih menika Letto. Noe lair wonten ing lingkungan seniman, bapak Noe menika kawentar dados budhayawan inggih menika Emha Ainun Najib dene ibu tiri menika artis sinetron Novia Kolopaking. Putra saking Emha Ainun Najib utawi Cak Nun saha garwa ingkang sepisan inggih menika Neneng lair wonten tengah-tengahing kulawarga seniman. Umur 6 taun Noe kedah ningali kahanan bilih bapa saha ibu menika kedah pisah, Noe alit menika wonten ing Lampung, Wekdal SD Noe sekolah wonten ing SD 1 Yosomulyo, nglajengaken wonten SMP Xaverius Metro.

Wekdal taksih SMP, Pak lik menika maringi kaset-kaset bekas grup band Queen. lajeng saking prastawa makaten Noe miwiti ngertos musik, Noe wiwit saged ngraosaken kados pundi raos menawi damel musik utawi lagu. Noe ugi wiwit latihan piranti musik, dene piranti ingkang sepisan menika keyboard. Saksampunipun lulus saking SMP lajeng Noe wangsul malih dhateng Yogyakarta. Noe nglajengaken sekolah wonten ing SMA 7 Yogyakarta. Wonten ing SMA 7 Yogyakarta menika Noe tepung kaliyan Ari, Dedy saha Patub.  Wekdal semanten dereng bentuk band, saksampunipun lulus SMA, Noe nglajengaken kuliah wonten ing University of Alberta, Kanada. Wonten ing universitas menika, Noe mundhut kalih jurusan, inggih menika matematika saha fisika. Dados saksampunipun lulus, Noe menika gadhah kalih gelar, Bachelor of Mathematic saha Bachelor of Physics.

Saksampunipun Noe wangsul wonten ing Indonesia, Noe wiwit akrab malih kaliyan kanca-kancanipun. Sanesipun ugi Noe asring dolanan musik wonten ing studio Kiai Kanjeng. Grup musik ingkang dipunpandhegani dening Novi Budianto, ingkang samenika dados partner saha sahabat Cak Nun ngantos dumugi samenika. Saking studio menika Noe wiwit ngertos menapa menika mixing, matering, produksi saha nyerat tembang. awit samenika Noe wiwit kathah nyerat tembang ingkang samenika kathah wonten ing album Letto ingkang dipunpandhegani dening Noe, Ari, Dedy saha Patub, dene album menika Truth, Cry and Lie. Album menika angsal double platinum, sukses menika dadosaken Letto damel album malih inggih menika Don't Make Me Sad. Wiwit 10 Juni 2008, Noe ngawontenaken production house (PH) Pic[k] lock kaliyan Dewi Umaya Rachman. Film ingkang sepisan inggih menika Minggu Pagi di Victoria Park ingkang dipunrilis tanggal 10 Juni 2010. Sakmenika taksih nyamektakaken film ingkang kaping kalih inggih menika RAYYA, Cahaya di Atas Cahaya ingkang dipunserat piyambak dening bapakipun Emha Ainun Najib saha Viva Westi.

Romadhona Wahyu Nurochman
10205244034
PBD G 2010



Penguasane Kedhung Gong


PENGUASANE KEDHUNG GONG


 Dadi wong urip ora krasa uripe yen mung bisa deleng surgane wong liya. Perih mata lara ati mung kuwi sing bisa tak rasakake, ya ngene saben dina kluntang klantung ngurut dalan kaya cebol nggayuh lintang. Yen diprentah milih aku emoh urip kaya ngene, dadi bebane Si mbok sing wis ora mungkin nyambut gawe rekasa. Aku nyadar yen wis mangsane aku golek gawean supaya bisa gawe mulya uripe Simbok, sing wis suwe rekasa ditinggal seda bapak. Uripe kulawargaku ndhisik ora kaya ngene iki, omah kaya istana, dhuwit mung kari jaluk, mobil ora cukup loro. Saiki arep nyambel wae kudu nglarak sikil, mbanting awak saben dina. Kahanan ngana kuwi tambah dadi bubar bapak ora ana, bapak seda pas aku esih SMA kelas telu. Apa sing njalari sedane bapak ya ora ana sing ngerti, wektu semono bapak kondur saka kantor langsung panas adem ngana kuwi. Diprisakna dokter jare ora kena apa-apa, niate sesuke arep digawa ana ing pengobatan alternatif, nanging durung sempet ditambakake bapak wis seda. Nganti saiki kulawarga ora ana sing ngerti apa sing njalari sedane bapak.
Pikiranku wektu semono mung kudu ngrampungke sekolahku, amarga Simbok ora nyambut gawe dadi barang-barang sing ditinggalke bapak entek amarga kanggo nyukupi urip, kanggo sekolah aku lan adhiku. Samlakune dina omah di dol, mobil ya di dol, amarga kahanan kuwi aku karo Simbok tuku omah cilik-cilikan ana ing desa sebelah yaiku desa Tegaljiwa. Omah kuwi mau cedhak karo karo Kali Serayu, jare wong kono, ing Kali Serayu kuwi ana kedhung jenenge Kedhung Gong, nanging ora ana sing ngerti ngapa kok dijenengi Kedhung Gong. Saben dina gaweanku ya mung mancing ana ing kedhung kuwi, amarga ya kuwi aku ora duwe gawean bubare lulus SMA, ya sapa sing arep nampa lulusan SMA sing ora duwe keterampilan nyambut gawe. Saka mancing kuwi mau aku bisa oleh penghasilan kanggo nyukupi kebutuhan, nanging ya ora sepira.
Aku, Yanto sing ora tau telat anggone mancing amarga ngana kuwi mau mung iki sing bisa tak lakokake. Kali Serayu kuwi sing dadi kanca crita, ing kali kuwi aku bisa neteske luh amarga bisa nyritakake ngenese uripku dhewe, “Dhuh Gusti, hambamu iki salah apa?”. Saben mancing aku mesti oleh iwak akeh, padahal ya sing mancingora aku dhewe, akeh tangga-tanggaku kaya Pak Wakidi, Mbah Padmo, Pak Tarkiman la nana akeh maneh. Aku bali mancing mesti jam papat sore, “Mbok…Mbok…Mbok, dina iki aku oleh akeh maneh”. Wangsulane Mboke Yanto,”Alhamdulillah ya le, wis ndhang kana ana telu diresiki sik, mengko wengi dhewe mangan iwak goring ya”. “Iya mbok, mengko nek wis rampung tak kandhani mbok”, aku bungah banget yen bisa gawe atine Simbok seneng. Wengi kuwi aku, adhiku karo simbok kaya pesta, bisa mangan iwak banyu, sing biasane turune padha jempalitan, wengi iki nyamleng ora ana swara gedebag gedebug.
Sajroning turu, aku ngimpi nanging kaya dudu ngimpi deleng ana sunar kaya lampu nanging terang banget. Lho…lho… kok ana wong wadon, klambine kuning, slendhange abang, rambute dawa nanging aku durung bisa deleng raine. “Yanto,,,Yanto”, alon swara kuwi, ora let suwe ngadeg wong wadon yen tak gambarake iki sak ayune wong wadon dadi siji mak plek ana sosok kuwi. Aku mak jenggilak tangi, nanging kaget kuwi urung rampung jebul sosok kuwi udu mung impen. Bener-bener kadadean, diomongke ora percaya wong ana, arep diomongke percaya iki kaya ngimpi. Aku nyoba takon,”Sapa awakmu kuwi?”, saurane wong wadon kuwi,”Ora usah wedi, niatku apik, aku Nyi Pandanwangi, aku ratu kedhung gong sing ana ning mburi omahmu”, banget wedine aku ngomong karo gemletekan, “a..a..apa sing arep mbok ka..aa.repke saka aku?”, suara alus rada ngadhemke atiku sing lagi keweden,”aku mung arep nulung uripmu, sesuk tak enteni ana ing kedhung kana”, bareng omangane rampung mak cring ilang ra ana bekase, aku bingung, kringeten sak jagung-jagung, puyeng mbuh ora karu-karuan, langsung mak blek kaya wong semaput.    
Esuk kuwi kaya biasane bubar tangi aku mangkat mancing tak anggep mau bengi kuwi aku ngimpi. Cukup mlaku mung 15 menit tekan ana ing papan sing biasane tak nggo mancing. Ora kaya biasane langit peteng kaya arep mutahaken banyu sak jagad, angin sing maune sumilir dadi kaya topan swarane gumlenggeng ana ing kuping. Aku deleng sakiwa tengenku kok ya ora ana wong, biasane Mbah Padmo, Pak Tarkiman lan akeh maneh ya pada mancing, lho kok iki mung aku thok. Nanging ya piye maneh aku wis kadhung tekan kali, ora let suwe udan ggggguuuuueeeedhi bbbuuuuaaanngggeeettt. “wadhuh, durung oleh apa-apa kok ya wis udan”, grundele atiku. Langsung tak gawa walesanku, tak cangking sandal jepit abangku, mlayu golek gubuk sing paling cedhak. Udane saya suwe malah saya deres, aku dadi bingung banget amarga jare wong desa kene kaline sering mbludak banjir yen udan deres benget.
Kaget mak gumlegar atiku, deleng banyu ana ing kali kaya dikepyakake arep mbludag, mataku mung bisa mantheng kaya didhadhung. Awak krasa kaya patung sikil tangan ora bisa tak obahke. Lumebere banyu kali kaya ngeleg awakku, mung pasrah sing bisa tak lakokake,”dhuh gusti apa arep mbok jukut aku iki”. Mataku ora bisa kanggo melek amarga wis keblebek banyu tanganku mung bisa ngawe-awe. Mak pet aku ora bisa ngrasakake apa-apa maneh, sing ana ing pikiranku wis ya wis. Mbuh suwe apa ora aku melek sithik baka sithik, rasa kaget nanging aku lemes banget, wong wadon ayu-ayu ana rong puluhan dandanane kaya dayang-dayang kerajaan ana ing kiwa tengenku. Salah siji saka wong wadon kuwi ngomong,”aja wedi, aku sing ketemu kowe mau bengi”. “aku arep mbok kapakake?”, karo merinding. “ora usah wedi, aku arep gawe uripmu kepenak, aku arep gawe sugih uripmu”, swara aluse kaya-kaya gawe tentrem atiku.”piye carane?”, takonku rada seru, “saben malem siji suro kowe kudu gawe sesajen, aku bakal menehi apa wae sing mbok butuhke”. Aku karo mikir-mikir, tak rasa apa iki dalan uripku ya, apa iki dibenerake agamaku ya. “piye kowe gelem, mengko nek gelem kowe dadi bojoku”, takonane, aku kaget apa sing arep tak jawab.
Aku kelingan mbokku, piye pertanggungjawabanku ngemben ana ing akherat, apa aku kudu gawe seneng mbokku karo dalan sesat ngene. Rasa antara kepengin urip seneng karo wedi dosa perang ana ing batinku, aku kudu piye dhuh Gusti. Nanging pikiranku esih waras ora bakal mbokku arep tak senengake karo dalan haram ngene iki, bubar kuwi aku mangsuli mantep, “ora, ora, ora, aku kepengin seneng nanging dudu ngene iki carane, balekna aku, balekna”. “hahahahahah…hahahahahha…hahhahahahaha…arep bali? Ora bisa, kowe kudu gelem dhisik”, saurane rada gela. Piye carane aku kudu bisa metu saka kene iki, tak piker mateng-mateng aja nganti gawe cilaka awakku. Aku nyebut Gusti sakuate, bola-bali tak sebut, banjur gempa gede banget, kabeh sing ana ing ruangan kuwi pada ambruk dayang-dayang kuwi mau banjur pada mlayu, ana sing gawe krenteg atiku, wong wadon kuwi pada malih dadi iwak gede-gede banget. Mrinding tenan awakku, nembe tau aku nyekseni siluman ngene iki.
Banjur ora let suwe ana banyu muter ana ing duwurku, rasane kaya diuncalake aku mlumpat apa mabur aku ora ngerti, pokoke aku mencelat duwur banget. Tiba mak bregggg ana ing sawah untung esih diparingi urip, aku deleng kali mau kok kaya ora ana apa-apa, bingung aku bingung ora ngerti apa sing wis kadadean. Aku mlayu nuju ngomah, mbokku bingung kena apa aku iki bali sore ora gawa apa-apa kok malah mlayu mlebu omah kaya wong diuber-uber setan. Wiwit dina kuwi aku ora wani mancing dewekan maneh, apa maneh nek mendung. Amarga kadadean kuwi aku dadi semangat golek kerja sing luwih layak supaya bisa nyenengke si mbok karo supaya ora digoda bangsa demit utawa siluman maneh.

Romadhona Wahyu Nurochman
10205244034
PBD G 2010

Ikrar Ketua Wartawan Indonesia

Drs. Sihono,HT.MSi
Dinten Jumat, 14 Desember tabuh 13.20 WIB kula wawancara kaliyan Pemimpin Redaksi Minggu Pagi (2010 – dumugi samenika) Bapak Drs. Sihono,HT.MSi wonten ing Kedaulatan Rakyat. Ketua Wartawan Indonesia menika asma ingkang asring dipusebat bapak Ono. Pak Ono menika lair wonten ing Yogyakarta 14 Februari 1970. Pak Ono nyerat wonten ing media cetak (1995), nyerat Feature (1996), nyerat Press Release (1996), Artikel (1998), media winten ing Indinesia (2000), dados wartawan ingkang profesional (2002), gadhah relasi wartawan (2003) lan nyerat materi diklat jurnalistik tingkat dasar (2004). Riwayat Jabatan wonten ing PWI/SPS atau Organisasi Komponen HPN inggih menika Seksi Pendidikan PWI Cabang Yogyakarta (2002 - 2010) lan Ketua PWI Cabang Yogyakarta (2010 – 2015)
Bapak Sihono dan Mita saat wawancara
Bapak Sihono menika dados wartawan sampun 22 tahun. Pengalaman ingkang ngesanke kangge Pak Ono menika kala ngliput wonten ing Gunung Merapi kaliyan rencangipun. Nggih menika Eko Budiantoro (Wartawan KR) kaliyan Teddy (Fotografer Bernas). Tahun 1994 merapi menika ngedalaken awan panas ingkang saged nyapu dusun Turgo. Wonten ing desa Turgo menika nembe wonten hajatan mantenan. Wonten ing desa menika korban kenging wedhus gembel menika 60 wong.  “Kula kaliyan kanca-kanca wartawan liyane mlayu nylametke awak piyambak-piyambak. Aku karo Eko lan Teddy mlayu tekan puncak Merapi. Wonten ing puncak menika kula kaliyan kanca-kanca ngucap ikrar gesang menapa mati  sesarengan tiga wartawan (Sihono HT wartawan KR, Eko Boediantoro Fotografer KR, dan Dedi Fotografer Bernas) wonten ing puncak bukit Turgo nalika Gunung Merapi mbledhos tahun 1994. Menawi slamet saking bencana menika badhe dados wartawan saklawase.” Ngendikanipun Pak Sihono nalika kula wawancara.
Sabibaripun wawancara
Bapak Sihono nyariosaken pengalaminun nalika kula wawancara “Pengalaman kula ingkang ngesanaken lan boten mungkin kula nglalekaken sanesipun menika dados Aktivis Organisasi Komponen Pers:  Wonten ing sawijining dina wayah ndalu, kula disms kaliyan kanca kula, wartawan senior Yogyakarta Oetomo Subarkah. “Mas, awakku lemes ora kuat tangi  ing Ludiro Husodo”. Lajaeng sms menika kula bales, “Inggih Pak, benjang sonten kula dhateng wonten ing Griyo sakit. Amargi wiwit esuk dumugi siang menika kula wonten Uji Kompetensi Wartawan wonten ing Yogyakarta. Sabibaripun pambukaan UKW wonten ing UPN “Veteran”, kula angsal sms saking salah satunggal;ing wartawan menawi Pak Oetomo Subarkah meninggal. Kula minangka Ketua PWI Cabang Yogyakarta sedhih lan kula nyuwun sedaya peserta lan penguji UKW menika ndongakaken almarhum. Esukipun, kula layat lan kaget nalika bukak peti jenazah, Pak Oetomo Subarkah ngagem jas Seragam PWI Yogyakarta lengkap kaliyan pin PWI. Eluh kula boten sanggup kula tahan malih, medal kanthi deres nalika kula nyaosi sambutan pengangkatan jenazah. 

Dening:
MITA NUR ANISYA

NIM.10205244030

Ki Samidjan Seniman Wayang Limbah Ngayogyakarta


Asma komplit Samidjan priya umur 60 tahun kelairan Gunungkidul iki wus seneng karo  wayang awit cilik, dhewek e sejatine ora duwe ladjer utawa darah seniman. Nanging merga rasa senenge marang wayang, saben dinane menawa wektu luang tangane ora bisa ucul saka hobine yaiku nggambar,  ya mung mulane ora sengaja nggambar wayang karo iseng – iseng nyoba gambar ing plastic bekas stopmap njur di desain ya mung nganggo piranti kang sarwa prasaja wiwitane nggambar nganggo potlot banjur digunting anggone mbolong plastic nganggo solder ee.. kok dadine lumayan apik, banjur saya suwe karyane saya ngrembaka. Wiwit mulai biso nggambar banjur didadekake wayang wujud kaya asline dadine bim salabim wayang kang sakdurunge mung plastic bekas map ra kanggo dadi wayang kaya wujud asline.
Ki Samidjan manggon ing Karangwaru Lor iku wiwit karyane wayang dadi akeh  banjur kepingin ajar ndhalang kanthi otodidhak ning nyatane ya biso, dheweke wis nate ndhalang ing Taman Budaya Yogyakarta mnangka Apresiasi Wayang limbah Ki Samidjan. Para sutresna wayang saka Amerika nalika iku ngerti yen wayang kuwi mulane saka plastic, gelem nukoni kanthi sijining wayang diregani  750.000 rupiah.
Ki samidjan ngandharake ing saben dinane makaryo ing toko perhiasan nanging iseh ngugemi welinge simbah yaiku manfaatake barang sing wis ora dienggo supaya bisa luwih manpangat. Saka piweling mau malah bisa ndadeake sukses samidjan kepara malah bisa dadi berkah.
(oleh : Primastyo Faris T)
NIM :10205244038