BIMA SUCI
this site the web

PENGUIN



Penguin kalebet manuk ingkang wonten gandheng cenenge kaliyan banyu (akuatik) amargi manuk ingkang mboten saged mabur menika urip wonten ing bumi sisih kidul lan sebageyan wonten ing Kutub Selatan (Antartika). Wonten ugi ingkang Penguin ingkang urip wonten ing sacelakipun Garis Katulistiwa utawi ing laladan dhaerah panas (tropis) inggih menika ing Galapagos, ing Samodra Pasifik. Ukuran awak penguin ingkang paling ageng inggih menika Penguin Kaisar dhuwuripun saged 1,1 meter lan bobotipun 35 kg. Dene ingkang paling alit inggih menika Penguin Peri ingkang dhuwuripun namung watara 40 cm lan bobotipun 1 kg. Pangan pokok penguin inggih menika krill, sawenehe jenis urang cilik, sarta iwak, cumi-cumi, lan kewan-kewan alit segara ingkang saged dipun-cucuk. Penguin omben-ombenanipun toya segara amargi gadhah kelenjar supraorbital ingkang kuwawa nyaring uyah toya segara ingkang mili tumut getih ing awakipun. Penguin wadon kalebet kewan ingkang asih marang anakipun temah menawi salah satunggaling anake ngantos ical amargi katrajang lesus utawi udan es sarta dipun-caplok singa laut, penguin wadon wau bakal nyolong anak saking wadon sanesipun.
Dening Waliy Asluki
NIM 10205244009
Sumber Djaka Lodang

Batik Warisan Budaya ingkang Cantik




 
Bangsa menika kedah nguri-uri tradisi batik tulis. Menika minangka njagi kepercayaan donya menawi warisan budaya batik khas Indonesia. Pamarintah ugi kedah tegas antawisipun pengrajin lan pengusaha batik supados batik tulis lan batik cap (printing) saged dipunbedakaken.
Awit batik katetepaken dados warisan budaya, batik ing Indonesia perkembanganipun langkung pesat. Sedaya daerah sami damel batik saengga batik dados komoditas ingkang nggadhahi pengaruh kangge ekonomi regional.
Batik, nalika semana namung kain ingkang wonten motifipun, ingkang dipunginakaken ing acara tartamtu. Dipunanggep ketinggalan jaman, lan mboten pasa kaliyan yuswanipun, tuo, kolot.
Tiyang Indonesia mliginipun tiyang Jawi kedhah remen kalih batik. kula lan panjenengan sami mangertos menawi batik menika warisan budaya saking leluhur, dados nguri-uri menika keharusan. Mboten nguri-uri amerga sampun dipunakui pihak sanesipun, nembe geger nglestantonaken.
Batik inggih menika aset bangsaingkang sarat kaliyan makna, menawi kita saged nyadari berharganya batik menika.batik ugi saged nunjukaken donya menawi Indonesia mboten namung kathah alam ingkang sae, ananging nggadhahi warisan budaya tradisi ingkang dipunuri-uiri kanthi premati lan dados kebangganan.
Bangsa menika kedah njagi tradisi batik tulis. Kasusnyatanipun batik printing menika namung pelengkap saking tradisi batik pengrajin lan industri batik ingkang mroduksi kanthi massal, anging batik printing ugi tumut nglestantonaken tradisi batik minangka warisan budaya ingkang dipuntetapaken UNESCO.
Pengrajin batik tulis klasik ing Solo tasih semangat sanget anggenipun damel batik tulis. Ananging ugi kathah ingkang ngginakaken alat modern hasilipun inggih menika batik cap utawi printing.
Wonten salah satunggaling pengrajin batik tulis ingkang wonten ing Jl. Srikandi, No 5, Serangan, Solo inggih menika R Wiyono ingkang tekun sanget anggenipun mroduksi batik tulis kanthi alat ingkang klasik inggih menika awujud canthing lan malam. Produk batik ingkang dipunproduksi Wiyono menika warisan leluhur. Motif-motif ingkang dipundamek yaiku motif Wahyu Tumurun, batik Truntum Sidomulyo, batik Sidomukti lan sakpanunggalanipun.
Gesang menika sampun jarang ingkang mroduksi batiuk tulis, dipunsebabaken poses batik menika ngginakaken wekdal ingkang langkung sue, rumit lan mboten sedaya tiyang saged. Dados sumber daya manusia ingkang nggadhahi keterampilan menika inggih jarang.
Menawi kula panjenengan yakin batik tulis klasik menika boten saged punah. Amargi, kathah tiyang Jawi ingkang taksih betahaken batik kasebut. Batik tulis klasik biasanipun dingge upacara penganting, seragam kantor, seragam seni lan acara hajatan sanesipun.
Batik menika ugi dados identitas. Identitas Indonesia sampun mesti, ugi dados identitas saben daerah. Daerah-daerah ing Indonesia nggdhahi motif ingkang khas, tuladhanipun batik Solo, Batik Yogya, Batik pekalongan ingkang misuwur lan sanesipun.
Batik tulis klasik boten namung ing Indonesia kemawon, ananging ngantos luar negri, kadosta Jepang lan Belanda. Para toris mancanegara wonten ing ngriki pados batik  kangge latihan nari.
Upaya – upaya ingkang saged nglestantonaken tradisi batik tulis menika saged saking lembaga pendidikan. Gesang menika kathah sekolahan mliginipun SMK ingkang nggadhahi jurusan Batik. Menika sae sanget saged ngrurangi kendala mroduksi batik minangka faktor SDM (sumber daya manusia) ingkang kirang nggadhahi katrampilan babagan batik. Ugi saged ngenalaken tradisi batik lan motif batik kangge generasi muda supados boten ngantos ical. Para kawula muda ugi saged ngembangaken motif batik, nuwuhaken motif-motif ingkang mboten kalah kaliyan motif batik leluhur.
Demonstrasi ing sekolahan ingkang mboten wonten jurusan batik, narasumber  saking para pengrajin batik ugi salah satunggaling upaya nguri-uri budaya batik. murid-murid dipunwastani budaya batik, caranipun batik, alat ingkang dipunginakaken, lan motif-motif napa mawon ingkang dados warisan leluhur.
Boten kesupen cara nguri-uri inggih menika kedhah remen kalih produk lokal inggih menika ngginakaken batik. Kadosta sekolahan, kantor, dinas sakmnenika sami sareng ngginakaken batik ing dinten tartamtu. Menika sae sanget, batik menika warisan ingkang cantik.

Dening  Jasmi Anes
NIM 10205244013
PBD / G

Folklor Ingkang Katula-tula


Folklor inggih menika salah satunggaling kabudayan ingkang wonten ing tanah Jawi. Miturut Dananjaya, 1984:2 folklor inggih menika “tradisi kolektif sebuah bangsa yang disebarkan dalam bentuk lisan maupun gerak isyarat, sehingga tetap berkesinambungan dari generasi ke generasi”. Ingkang kalebet folklor inggih menika dongeng, cerita, hikayat, kepahlawanan, adat istiadat, lagu, tata cara, kesusastraan, kesenian lan busana dhaerah. Ing tanah Jawi menika kathah folkror ingkang wonten ing dhaerah-dhaerah mliginipun dhaerah padusunan. Folklor menika wonten saking rumiyin dumugi sakmenika. Sumberipun folklor menika wonten ingkang saking buku ananging kathah-kathahipun saking cariyosipun tiyang sepuh utawi mawi lisan. Tiyang sepuh nyariosaken dhateng putra wayahipun babagan cariyos ingkang wonten ing dhaerahipun piyambak, supados putra wayahipun saged mangertos sejarahipun dhaerahipun piyambak. Dados samangke cariyos menika saged dipun-lajengaken kangge generasi saksampunipun utawi saged dipun-sebat regenerasi. Folklor menika tradisi ingkang dipun-warisaken kanthi turun-temurun. Folklor menika kagunganipun masarakat tradhisional kathi kolektif utawi sesarengan. Folklor menika wujudipun anonim, mila masarakat mboten gadhah hak kangge ngaku-aku menawi menika karyanipun.   
Folklor ingkang rumiyin taksih kuncara ing saktengah-tengahing masarakat, ing jaman sakmenika sekedhik-sekedhik sampun ajeng ical. Kathah tiyang ingkang mboten rumaos menawi ing dhaerahipun wonten cariyos ingkang gadhah nilai sejarahipun ing saklebeting cariyos menika. Kamangka tiyang Jawi menika kedah mangertos menapa kemawon wujud kabudayan ingkang wonten ing dhaerahipun piyambak-piyambak mliginipun kabudayan ingkang awujud folklor menika, supados tiyang Jawi gadhah raos bungah lan bombong babagan kabudayan ingkang dipun-gadhahi dening dhaerah menika. Kajaba supados gadhah raos bungah lan bombong ugi supados kangge nglestantunaken utawi nguri-uri kabudayan Jawi ingkang awujud folklor menika wau.
Wonten ing mriki, kenging menapa panyerat mendhet topik menika? Amargi miturut panyerat, topik babagan folklor menika saged kangge tuladha menawi kabudayan menika bilih mboten dipun-jagi saged ical lan kula panjenengan sedaya ingkang mliginipun tiyang Jawi saged kesupen utawi malah mboten mangertos babagan sejarah. Kamangka sejarah menika wigati sanget wonten ing pagesangan tiyang Jawi. Sahingga kanthi milih perkawis menika, saged kangge pelajaran dhateng kula panjenengan sedaya mliginipun tiyang Jawi ingkang wonten ing tanah Jawi ingkang sampun misuwur kabudayanipun wonten ing pundi kemawon.
Folklor menika saged kangge piwulangan kula panjenengan sedaya amargi wonten ing saklebeting cariyos menika kadangkala wonten nilai-nilai moralipun ingkang saged kula panjenengan sedaya pendhet lan saged dipun-dadosaken tuladha kangge ngadhepi gesang menika. Wonten ing jaman modern kados sakmenika, kathah tiyang Jawi mliginipun para wiranem ingkang mboten mangertos cariyosipun salah satunggaling papan, tokoh, lsp utawi ingkang celak inggih menika mboten mangertos cariyosipun ingkang wonten ing dhaerahipun piyambak-piyambak. Para wiranem kados namung ngremehaken utawi mboten preduli babagan kabudayan folklor menika. Prekawis menika dipun-sebabaken amargi wonten faktor-faktoripun. Faktor-faktor menika saged saking para wiranemipun piyambak utawi saking lingkungan sakiwa tengenipun. Prekawis ingkang kedadean ing wekdal sakmenika inggih sampun kathah tiyang Jawi mliginipun para wiranem ingkang mboten preduli kaliyan kabudayanipun ingkang dipun-gadhahi kaliyan dhaerahipun piyambak. Prekawis menika wigati sanget supados dipun-panggihi solusinipun. Prekawis menika sampun dados prekawis ingkang kedah dipun-tangani amargi sampun nyangkut babagan kabudayan.
Saking prekawis ingkang sampun dipun-andharaken ing nginggil menika, kula panjenengan sedaya saged ngandharaken menawi prekawis ingkang wonten menika amargi wonten faktor-faktor tartamtu. Kadosta, kirang wiyar wawasanipun ingkang dipun-gadhahi kaliyan para wiranem sahingga kirang akrab babagan folklor. Para wiranem mboten gadhah greget kangge mangertos babagan folklor, lan mboten sinau utawi nyuwun pirsa kaliyan tiyang ingkang mangertos utawi langkung paham babagan folklor ing dhaerahipun. Faktor ingkang angka kalih inggih menika saking lingkunganipun, kadosta tiyang sepuhipun mboten maringi piwulangan menika lan mboten maringi putranipun wawasan babagan folklor ingkang wonten ing dhaerahipun piyambak. Utawi lingkunganipun kang putra mboten ngupayakaken nglestantunaken utawi nguri-uri kabudayan ingkang awujud folklor menika, sahingga kang putra mboten angsal ngelmu saking sinten kemawon. Kamangka folklor menika cara ingkang trep mawi lisan dados saking tiyang ingkang setunggal ing tiyang setunggalipun makaten. Bilih kula panjenengan sedaya remen menawi folklor menika saged tansah wonten kedah dipun-uri-uri sampun ngantos ical saking papanipun piyambak-piyambak.
Wonten ing ngriki solusi ingkang saged dipun-leksanakaken saking prekawis ing nginggil kala wau inggih menika kula panjenengan sedaya mliginipun para wiranem ingkang gadhah tugas kangge nglajengaken kabudayan ingkang sampun wonten menika kedah gadhah raos remen kaliyan kabudayan ingkang dipun-gadhahi, sahingga kabudayan menika saged tansah lestantun utawi ngrembaka wonten ing pundi kemawon. Solusi ingkang sanesipun inggih menika, tiyang Jawi kedah ngupayakaken supados kabudayan ingkang awujud folklor , menika mboten ical amargi kabudayan folklor menika kalebet kearifan local ingkang kedah dipun-jagi utawi dipun-lestantunaken. Para tiyang sepung inggih kedah gadhah greget kangge maringi putranipun piwulangan babagan kabudayan menika supados kang putra mangertos kabudayan ingkang dipun-gadhahi wiwit saking alit sahingga menawi kang putra sampun diwasa saged nglajengaken menapa ingkang sampun diparingaken tiyang sepuhipun babagan kabudayan mliginipun folklor ing Jawi menika. Menawi solusi menika saged kalampahan kanthi sae, kabudayan ingkang wonten saged tansah ngrembaka lan mboten ical saking papanipun.   


Dening Waliy Asluki
NIM 10205244009
       



Kabupaten Bantul Mecahke Rekor




Bantul- Senen, 29 Oktober 2012 Pemerintah Kabupaten Bantul ngadani upacara minangka pengetan Sumpah Pemuda wonten ing Stadion Sultan Agung, Bantul. Upacara menika dipundhereki dening ewonan pasarta. Pasarta upacara inggih menika para siswa kelas X, XI SMA, SMK lan MAN se-Kabupaten Bantul. Upacara ingkang dipunadani minangka pengetan Sumpah Pemuda menika ndamel bungah Pemerintah Kabupaten Bantul, amargi upacara menika angsal penghargaan saking Museum Rekor Indonesia (MURI) saking kathahipun pasarta ingkang ndherek nyengkuyung adicara menika. Upacara dipunwiwiti tabuh 7.30 lan saksampunipun upacara panitia lan sedaya pasarta upacara sami panembromo. Upacara ingkang dipunadani dening Pemerintah Kabupaten Bantul menika dereng nate dipunadani wonten ing dhaerah pundi kemawon lan gadhah kesan menarik babagan Kabupaten Bantul.


Dening Waliy Asluki
NIM 10205244009

Nguri-uri Budaya Indonesia


 
Gunungan
Menapa ingkang wonten ing penggalih panjenengan menawi kula nyuwun pirsa babagan ”Indonesia menika negara kepuloan?” Kanthi otomatis mesthinipun panjenengan menggalih bilih Negara kita Indonesia menika Negara Kepulauan ingkang gadhah sewunan luwih pulo. Negara Indonesia menika gadhah udakara 17.000 pulo. Saben pulo menika geografisipun beda-beda. Saengga, caranipun nglengkapi kabetahan saben pulonipun menika boten sami gumantung kabetahanipun. Gangsa kita menika gadhah kurang luwih 742 basa daerah, 33 ageman adat, lan atusan tarian adat. Menika kalawau boten nggumunaken bilih kathah wisatawan asing ingkang remen kaliyan kebudayaan Indonesia ingkang menarik sanget.
Ngendikaken babagan kabudayan Indonesia ingkang diklaim kaliyan sedulur kita ingkang caket, inggih menika Malaysia. Sampun kaping kathah Malaysia menika ngeklim Indonesia kados ta motip bathik, piranti musik tradisional angklung lan lagu daerah Rasa Sayange, Reog Ponorogo lan ingkang pawartanipun sakmenika nembe enggal lan gencar-gencare inggih menika Indonesia meh kemawon kecolongan tari pendet saking Bali. Lan ingkang nglarakake ati sanget menika Indonesia boten namung diklaim kemawon, ananging sampun wonten ingkang dipuntetapaken. Perkara nyolong kabudayan menika sanes perkara ingkang gampil, buktinipun pamerintah boten cak-cek ngrampungaken perkara babagan budaya sanesipun menika. Amargi sampun boten saged dipunselak malih menawi netepaken kabudayan dados hakipun piyambak (paten) menika boten namung nelasaken bea ingkang sekedhik, ananging betahaken bea ingkang kathah sanget. Ananging kabudayan menika modhal ingkang reginipun inggil sanget ingkang lan salah satunggaling modhal warisan saking mbah buyut kita sedaya kala rumiyin. Menapa kita purun kelangan sedaya kalawau? Masarakat Indonesia sesarengan ngecam babagan kalawau kanthi sedaya cara ingkang saged dilakokaken. Inggih menika masarakat menika miwiti saking demo-demo dhumateng Malaysia lan pamarentah Indonesia. Sedaya kalawau ingkang dipuntindakake dening masarakat Indonesia kalawau leres sanget lan buktekaken bilih masarakat Indonesia menika  gadhah raos nasionalisme ingkang inggil minangka njagi aset-aset bangsa Indonesia menika. Ingkang dados perkawis sakmenika inggik menika menapa masarakat kita nembe kemawon sareng-sareng ngecam babagan kalawau sabibaripun kabudayan kita menika diklaim kaliyan pihak Malaysia?!. Saumpami budaya kita dipunkendelaken kemawon dicolong negara liya lan boten dipuncekapaken kanthi saestu lan cepet, saged kemawon dangu-dangu aset kita satunggal baka setunggal menika dipendhet kaliyan Malaysia lan pihak-pihak sanes saengga aset Indonesia menika saged dikuasai kaliyan negara sanes.
Kangge nglindhungi kabudayan Indonesia menika lan ngantipasi babagan kalawau supados boten kedadosan malih, kedahipun saged dipunlaksanakaken kabijakan-kabijakan tartamtu dening pamerentah, kados ta UU ingkang langkung cetha lan langkung ketat malih, damel arsip-arsip ingkang wujudipun dokumen-dokumen ingkang langkung langkap (detail). Boten namung nawakaken kabudayan Indonesia wonten ing luar negeri kemawon ingkang tujuanipun kangge pariwisata. Mliginipun kedah dipunseimbangaken, menapa mekaten,amargi menika inggih budaya kita, kagunganipun bangsa Indonesia lan dados bukti kangge donya Internasional bilih menika Lho, Kabudayan Indonesia!! Kedahipun kita bangga kaliyan budaya Indonesia.
bathik
Manawi mekaten, Indonesia sampun sigap menawi sawayah-wayah menika wonten pihak sanes ingkang nyobi ngeklaim budaya kita, amargi kita sampun gadhah bukti-kukti ingkang langkung kiyat. Indonesia kaliyan Malaysia menika Negara ingkang serumpun. Sekilas menika wonten kemiripan wonten ing bidang-bidang tartamtu, ananging menawi wonten ing bidang kabudayan menika sampun pasti bilih gadhah pambedanipun. Tuladhanipun, ingkang paling caket kemawon, bathik Jogja menika beda kaliyan bathik Sala. Dados ingkang letakpipun wilayah antawisipun Jogja kaliyan Sala ingkang boten tebih, taksih satunggal Negara menika gadhah babagan ingakang beda napa malih Negara ingkang beda. Jelas kemawon menawi kabudayanipun menika sanes ugi. Miturut penggalihipun Kuntowijoyo, bilih kabudayan  menika gadhah 3 wujud, inggih menika ingkang kaping setunggal , taksih arupi ide-ide. Maksudipun taksih wonten ing salebeting penggalihipun manungsa menika piyambak lan sipatipun boten awujud (abstrak). Ingkang kaping kalih inggih menika arupi aktivitasipun. Maksudipun inggih menika saking aktivitas manungsa ingkang saling interaksi antawisipun tiyang setunggal kaliyan tiyang sanes wonten ing wekdal ingkang mlampah teras lan magepokan kaliyan tatanan adat kelakonan. Lan wujud ingkang kaping tiga inggih menika arupi asilipun karya menika. Maksudipun inggih menika kabudayan fisik utawi hasil fisik (ingkang awujud) saking aktivitas lan karya sedaya masarakat lan sipatipun paling konkret (awujud ingkang sabeneripun). Wujud ingkang paling pungkasan menika ingkang sakmenika kita ngendikakaken lan kita jagi saking pihak luar ingkang bandhe nyolong, mliginipun Malaysia.

Wonten ing mriki, kula boten madosi makna ingkang pundi ingkang lepat utawi ingkang pundi ingkang leres. Menika dipunwangsulaken malih kemawon dhumateng masarakat Indonesia, mliginipun dhiri kita piyambak-piyambak kemawon. Pamrayoginipun, ingkang langkung becik menika kita kedahipun purun mamiji utawi melajari kanthi langsung babagan kathahipun budaya bangsa menika, kados ta saking tari-tarian, budaya lokal (wayang kulit, upacara selametan, upacara temanten,lsp), lagu-lagu, basa, seni-seni,piranti musik tradisional lsp. Ananging saumpaminpun dipundamelaken polling, kula yakin mesthi sakedhik saking kita menika ingkang males linuwih boten purun remen kaliyan budayanipun kita piyambak. Babagan kalawau menika ingkang dadosaken raos prihatos dhumateng masarakat ingkang menika kalawau. Kathah sanget para mudha lan mudhi ingkang langkung bangga kaliyan budaya luar ketimbang budayanipun piyambak menika. Amargi anggepanipun budaya luar menika langkung gaul lan trendy. Tuladhanipun menika tiyang enem menika ingkang remen kaliyan musik-musik modern (pop, rock, jazz, metal , R&B) menika langkung linuwih kathah tinimbang tiyang ingkang remen kaliyan musik tradisional (musik ngangge gamelan, lagu-lagu daerah kados ta suwe ora jamu,lir-ilir,lsp). Wonten ing Tipi samenikakanthi gampil kita saged ningali sinetron-sinetron lan film adopsi saking budaya barat lan menapa kemawon ingkang dipuntampilaken menika langkung kita remeni tinimbang kethoprak, ludruk, wayang kulit, wayang wong ingkang wonten jaman samenika kawontenanipun menika sampun jarang sanget kita temokaken. Tiyang-tiyang asing mliginipun tiyang Eropa, Amerika, Australia,lsp, piyambakipun gadhah raos antosias (remen) ingkang ageng dhumateng keunikan budaya kita, boten sekedhik tiyang asing menika ingkang tumut sinau babagan budaya Indonesia. Tuladhanipun, kathah Bule-bule ingkang nyinaoni tari-tarian tradisional Indonesia, sinau mainaken piranti-piranti musik tradisional, lan tumut sinau dados dhalang lan latian nggamel gamelan menika. Saged ugi wekdal ingkang salajengipun menika, kathah tiyang-tiyang saking luar Indonesia pinter (mahir) maenaken tarian-tarian kita, mahir nembangaken lagu-lagu daerah kita (tembang-tembang) lan lincah maenaken piranti-piranti musik tradisional (angklung, gamelan). Ananging kita sagedipun namung nonton kanthi raos prihatos dipunsambi kaliyan tepuk asta. Menika sebabipun saking kirangipun minat kita nyinaoni kabudayang kita piyambak, utawi saged ugi bilih pamerentah ingkang boten tegas nggalakaken budaya amargi sampun kalah kaliyan budaya luar menika, percampuran budaya, globalisasi lan sapiturutipun. Saengga masarakat kita boten mangertos bilih sejatosipun bangsa Indonesia menika bangsa ingkang sugih kaliyan budaya. Samenika kangge tuladha ingkang prasaja kemawon, menawi kita nyuwun pirsa dhumateng bocah alit, sinten Gathot Kaca menika? Utawi sinten Andhe-andhe lumut menika utawi Malin Kundhang? Kula kinten bocah-bocah kalawau nanging mendhel kemawon amargi boten saged jawab pertanyaan menika. Nanging bda kaliyan kita nyuwun pirsa babagan NARUTO, SPONGE BOB, utawi DORAEMON. Kula saged yakin bilih bocah-bocah menika saged ngandharaken jawaban kanthi jelas dhumateng kita.
tari tor-tor
Ananging wonten cara sanes ingkang saged kita ginakaken, inggih menika boten namung nyinaoni langsung kabudayan ingkang wonten ing negara Indonesia menika ananging kanthi ngertos lan saged nginterpretaseaken babagan budaya negeri menika ingkang kathah sanget cacahipun. Kita naung cekap ngertos bilih saking pundi? Kados pundi? Macem-macem budaya kita. Boten kathah saking kita ingkang ngertos babagan menika. Tuladhanipun menawi kita nyuwun pirsa utawa disuwuni pirsa, saking pundi tari Serimpi, tari Serampang 12 menika? Utawi lagu oh inani keke, tokecang, bubuy bulan berasal, lan sapiturutipun. Taksih kathah sanget kesenian-kesenian negeri menika ingkang dereng dipunmangertos dening publik. Dadosipun, dudutanipun inggih menika kados pundi caranipun supados kita mangertos, lan kados pundi cara supados kita gadhah raos bangga kaliyan kabudayan negeri menika.
Boten hujatan kemawon ingkang medal rikala kagungan kita (budaya) diklaim kaliyan pihak sanes. Bok menawi saged ugi kita ngraosaken rasa ingkang kecewa sanget lan nesu dhumateng kedadosan menika utawi kita naung melu-melu arus opini publik kemawon lan boten mangertos ingkang saleresipun utawi akar permasalahipun amargi sebagian saking kita menika remen menghujat?? Masarakat ingkang dereng saged bangga lan ngregani karya seni saking bangsa menika. Budaya kedah dipunpertahanaken, amargi budaya menika kalebet identitas bangsa. Menawi boten ngenali identitas kita piyambak, kita ibarat tiyang ingkang ical wonten ing tengah-tengahipun kalayak rame, amargi ngenal diri kita piyambak menika tegesipun ngenal potensi saking diri kita mliginipin Indonesia.
Supados masalah kabudayan ingkang dicolong menika boten kedadean malih, kita kedah njagi kanthi temen, nglestantunaken lan nandur raos remen dhumateng kabudayan saking generasi dhumateng generasi ingkang salajengipun. Saged ugi, kita kedah ngregani para seniman ingkang susah payah njagi kabudayan kita. Diputunjukaken bilih kita menika bangsa ingkang ageng, Bangsa ingkang ageng menika bangsa ingkang saged ngregani kabudayan kita piyambak. Kanthi pangarep-arep bilih salajengipun sejarah budaya kita ingkang dicolong menika boten kedadean malih! Jayalah bangsa kula, masarakat adil, makmur, tentram lan gadhah budaya.



Dening:
 Mita Nur Anisya
NIM.10205244030


Pilihan Dhukuh Maredan


Pilihan Dhukuh Maredan


Sleman, www.jogjatv.tv - Tanggal 16 Agustus 2011 benjing, kalenggahan Dhukuh Maredan paripurna. Awit saking punika ing dinten Minggu enjing(10/7), Warga Padhukuhan Maredan, Sendhangtirto, Berbah, Sleman ngadani pilihan dhukuh kanthi cara Pemungutan Suara Langsung. 4 calon dhukuh tumut salebeting pilihan dhukuh kasebat.
Kangge sepisanan warga Padhukuhan Maredan, Sendhangtirto, Berbah, Sleman nglampahaken pilihan dhukuh enggal kanthi cara Pemungutan Suara Langsung. Padhukuhan maredan dumados saking 6 RT, lan warga ingkang gadhah hak pilih gunggung tiyang 870. 4 calon dhukuh ingkang tumut salebeting pilihan inggih  punika nomer urut 1 - Achmad Mulyatno, nomer urut 2 - Budiyono, nomer urut 3 - Jurono Kasim lan nomer urut 4 - Condro Priambodo. Miturut Ketua KPPS, Warsidi pilihan punika ngiras minangka pasinaon tumrap warga kangge lampahing demokrasi ingkang resik lan adil. Kaajab pilihan dhukuh saged lumampah satrepipun lan saben calon boten ngginakaken cara money politic.
Salebeting pilihan samangke, sedaya petugas KPPS katingal ngangge busana adat Jawi. Ancasipun kangge nyengkuyung rantaman kadhapukipun Desa Sendhangtirto minangka desa berbudaya. Awit saking punika, maneka kaskaya budaya ing Desa Sendhangtirto dipun cakaken salebeting gesang padintenan, kadosta ngangge busana Jawi lan ugi basa Jawi.

Romadhona Wahyu Nurochman
10205244034
G 2010