BIMA SUCI
this site the web

Nico Wirausaha Enom ing Yogyakarta


Nakal keno sing penting sembada, ujare Nicholas Wahyu Wirosunarto. Mahasiswa jurusan psikology ing Universitas Sanata Dharma. Piyambakke menika kagolong mahasiswa ingkang aktif ing kuliah, ugi aktif wirausaha muda. Putra bapak Markus Sigit kaliyan Ibu Monica Sumiati menika gemar wirausaha wiwit taun 2007, wiwit usaha deposit pulsa. Dhewekke ngaku menawa deposit pulsa akeh untunge, bisa kenal cah-cah ingkang badhe kulakan pulsa sik biasane bocah wadon-wadon. “bisa entuk kenalan gratis” ujare karo cekikian. Nico jelukan akrabe mratelakaken menawa bisnis kui gampang-gampang susah, menawa pas untung yo akeh, menawa pas anjlok yo isoh stres. Dhewekke mratelakake menawa nalika bisnis pulsa isoh untung 4 juta per bulane. Untung sing lumayan gedhe, kanggo deposit sing ora merlokke lapak lan sakpiturute, modal nganggo hp. Ananging ketokane gampang, bisnis deposit pulsa iki ternyata akeh sih podo ngapusi, nganti saknalika Nico pernah rugi 225 juta. Miturut critane kadadean menika saged kalampahan amarga, keteledoran lan kurang telitine Nico anggone ngerti pelanggane. Ora mung siji loro pelanggan sing ngapusi, menawa dietung-etung ana 6 pelanggan sik dikira-kira kui sik ngapusi dhewekke. Rugi sing tikel matikel soko pengahasilane ben wulan kui mau dadi marakke stress, nico depresi nganti kiro-kiro ana sewulan luwih. Awakke kuru, ora doyan mangan, bapak ibune jane yo sedih ananging yo tetep nyemangati Nico ben bangkit meneh. Akeh sing nyemangati, Nico akhire isoh bangkit meneh, dhewekke wis ikhlas lair batin kadadeyan rugi wingi kui. Pancen jiwa wirausaha sing wis nemplek neng jiwane ora bisa ilang mergo kadadean sing pait wingi, ananging malah ndadekake pacuan, semangat lan pembelajaran menawa bisnis kui udu perkara gampang.
            Dhewekke mulai meneh , wiwit usaha liyane. Usahane yaiku jual/beli laptop. Anggone usaha yo ora langsung mulus, ora eneng hambatan. Ananging lumayan untunge 2 juta ben bulane. Pancen untunge luwih gedhe karo deposit pulsa, anangin Nico berjuang keras. Terus nggiolek pelanggan sing akeh-akehe kancane kampus. Bisnis iki yo dionlineke, dadi yo ora nganggo lapak meneh. Sajronong usaha laptop ioki yo ngalami kadadean rugi, ananging ora akeh koyo deposit pulsa, rugine 5 juta. Amarga wis tau rugi sing luwioh akeh, Nico ora langsung drop, utawa depresi. Dhewekke tetep semangat, bapak ibuk, adik, keluarga besare kabeh dukung anggone sing wirausaha. Keluargane mau percaya menawa Nico kui bocahe setiti anggone bisnis apa wae, ananging yo mung kurang tliti.
            Sajronong setaun ora bisnis opo-opo. Dhewekke fokus kuliah karo nyambio golek chanel bisnis opo sing isoh digarap dening dhewekke. Akhire ing awal februari dhewekke dolan ing warnet kancane, crito-crito karo sing nduwe warnet menawa arep oper kontrak. Saknalika Nico langsung kepikiran, wah iki isoh dadi usaha. Akhire Nico takon-takon piye oprasionale warnet lan cara kerjane. Anggone sesasi wonge ngrembuk untung rugine usaha warnet kui mau.
            Ing wulan maret akhire resmi warnet nggone kancane sing jenenge fortuin net kui mau dadi duwene Nico. Kabeh peralatan, bangunan, termasuk sing kerja komplit.  Ananging merga iki wis kepengurusane bedha, dhewekke pengen ngrombak warnet kui mau, isi, bangunan, fasilitas, peratutan, karyawan, lan sakpiturute. Adedasar kui mau, Nico ngumumake menawa arep ngrekurut pegawai anyar, lan ana beberapa karyawan sing dicukupke. Nico pengen warnet anyar sing digarap iki bener2 fres lan pada sing dikarepake. 
                                                            gb. Nico ing ngarep warnete

Saksuwene setaun, bisnis iki lancar, ora eneng kendala. Nganti arep tutup taun 2012 iki yo tetep ramai lancar. Dhewekke seneng lan isoh dadi kebangganan wong tuane. “untung warnet 6 juta ben bulanelan urung tau rugi, ehh ojo ngasi deng” ujar Nico. Dhewekke dhuweni prinsip menawa Urip kui kudu berjuang lan tetep njaluk pitulung karo Gusti, mesti tembe buri hasile bakal sae.

Dening Jasmi Anes
Nim 10205244013

0 komentar:

Posting Komentar