BIMA SUCI
this site the web

Folklor Ingkang Katula-tula


Folklor inggih menika salah satunggaling kabudayan ingkang wonten ing tanah Jawi. Miturut Dananjaya, 1984:2 folklor inggih menika “tradisi kolektif sebuah bangsa yang disebarkan dalam bentuk lisan maupun gerak isyarat, sehingga tetap berkesinambungan dari generasi ke generasi”. Ingkang kalebet folklor inggih menika dongeng, cerita, hikayat, kepahlawanan, adat istiadat, lagu, tata cara, kesusastraan, kesenian lan busana dhaerah. Ing tanah Jawi menika kathah folkror ingkang wonten ing dhaerah-dhaerah mliginipun dhaerah padusunan. Folklor menika wonten saking rumiyin dumugi sakmenika. Sumberipun folklor menika wonten ingkang saking buku ananging kathah-kathahipun saking cariyosipun tiyang sepuh utawi mawi lisan. Tiyang sepuh nyariosaken dhateng putra wayahipun babagan cariyos ingkang wonten ing dhaerahipun piyambak, supados putra wayahipun saged mangertos sejarahipun dhaerahipun piyambak. Dados samangke cariyos menika saged dipun-lajengaken kangge generasi saksampunipun utawi saged dipun-sebat regenerasi. Folklor menika tradisi ingkang dipun-warisaken kanthi turun-temurun. Folklor menika kagunganipun masarakat tradhisional kathi kolektif utawi sesarengan. Folklor menika wujudipun anonim, mila masarakat mboten gadhah hak kangge ngaku-aku menawi menika karyanipun.   
Folklor ingkang rumiyin taksih kuncara ing saktengah-tengahing masarakat, ing jaman sakmenika sekedhik-sekedhik sampun ajeng ical. Kathah tiyang ingkang mboten rumaos menawi ing dhaerahipun wonten cariyos ingkang gadhah nilai sejarahipun ing saklebeting cariyos menika. Kamangka tiyang Jawi menika kedah mangertos menapa kemawon wujud kabudayan ingkang wonten ing dhaerahipun piyambak-piyambak mliginipun kabudayan ingkang awujud folklor menika, supados tiyang Jawi gadhah raos bungah lan bombong babagan kabudayan ingkang dipun-gadhahi dening dhaerah menika. Kajaba supados gadhah raos bungah lan bombong ugi supados kangge nglestantunaken utawi nguri-uri kabudayan Jawi ingkang awujud folklor menika wau.
Wonten ing mriki, kenging menapa panyerat mendhet topik menika? Amargi miturut panyerat, topik babagan folklor menika saged kangge tuladha menawi kabudayan menika bilih mboten dipun-jagi saged ical lan kula panjenengan sedaya ingkang mliginipun tiyang Jawi saged kesupen utawi malah mboten mangertos babagan sejarah. Kamangka sejarah menika wigati sanget wonten ing pagesangan tiyang Jawi. Sahingga kanthi milih perkawis menika, saged kangge pelajaran dhateng kula panjenengan sedaya mliginipun tiyang Jawi ingkang wonten ing tanah Jawi ingkang sampun misuwur kabudayanipun wonten ing pundi kemawon.
Folklor menika saged kangge piwulangan kula panjenengan sedaya amargi wonten ing saklebeting cariyos menika kadangkala wonten nilai-nilai moralipun ingkang saged kula panjenengan sedaya pendhet lan saged dipun-dadosaken tuladha kangge ngadhepi gesang menika. Wonten ing jaman modern kados sakmenika, kathah tiyang Jawi mliginipun para wiranem ingkang mboten mangertos cariyosipun salah satunggaling papan, tokoh, lsp utawi ingkang celak inggih menika mboten mangertos cariyosipun ingkang wonten ing dhaerahipun piyambak-piyambak. Para wiranem kados namung ngremehaken utawi mboten preduli babagan kabudayan folklor menika. Prekawis menika dipun-sebabaken amargi wonten faktor-faktoripun. Faktor-faktor menika saged saking para wiranemipun piyambak utawi saking lingkungan sakiwa tengenipun. Prekawis ingkang kedadean ing wekdal sakmenika inggih sampun kathah tiyang Jawi mliginipun para wiranem ingkang mboten preduli kaliyan kabudayanipun ingkang dipun-gadhahi kaliyan dhaerahipun piyambak. Prekawis menika wigati sanget supados dipun-panggihi solusinipun. Prekawis menika sampun dados prekawis ingkang kedah dipun-tangani amargi sampun nyangkut babagan kabudayan.
Saking prekawis ingkang sampun dipun-andharaken ing nginggil menika, kula panjenengan sedaya saged ngandharaken menawi prekawis ingkang wonten menika amargi wonten faktor-faktor tartamtu. Kadosta, kirang wiyar wawasanipun ingkang dipun-gadhahi kaliyan para wiranem sahingga kirang akrab babagan folklor. Para wiranem mboten gadhah greget kangge mangertos babagan folklor, lan mboten sinau utawi nyuwun pirsa kaliyan tiyang ingkang mangertos utawi langkung paham babagan folklor ing dhaerahipun. Faktor ingkang angka kalih inggih menika saking lingkunganipun, kadosta tiyang sepuhipun mboten maringi piwulangan menika lan mboten maringi putranipun wawasan babagan folklor ingkang wonten ing dhaerahipun piyambak. Utawi lingkunganipun kang putra mboten ngupayakaken nglestantunaken utawi nguri-uri kabudayan ingkang awujud folklor menika, sahingga kang putra mboten angsal ngelmu saking sinten kemawon. Kamangka folklor menika cara ingkang trep mawi lisan dados saking tiyang ingkang setunggal ing tiyang setunggalipun makaten. Bilih kula panjenengan sedaya remen menawi folklor menika saged tansah wonten kedah dipun-uri-uri sampun ngantos ical saking papanipun piyambak-piyambak.
Wonten ing ngriki solusi ingkang saged dipun-leksanakaken saking prekawis ing nginggil kala wau inggih menika kula panjenengan sedaya mliginipun para wiranem ingkang gadhah tugas kangge nglajengaken kabudayan ingkang sampun wonten menika kedah gadhah raos remen kaliyan kabudayan ingkang dipun-gadhahi, sahingga kabudayan menika saged tansah lestantun utawi ngrembaka wonten ing pundi kemawon. Solusi ingkang sanesipun inggih menika, tiyang Jawi kedah ngupayakaken supados kabudayan ingkang awujud folklor , menika mboten ical amargi kabudayan folklor menika kalebet kearifan local ingkang kedah dipun-jagi utawi dipun-lestantunaken. Para tiyang sepung inggih kedah gadhah greget kangge maringi putranipun piwulangan babagan kabudayan menika supados kang putra mangertos kabudayan ingkang dipun-gadhahi wiwit saking alit sahingga menawi kang putra sampun diwasa saged nglajengaken menapa ingkang sampun diparingaken tiyang sepuhipun babagan kabudayan mliginipun folklor ing Jawi menika. Menawi solusi menika saged kalampahan kanthi sae, kabudayan ingkang wonten saged tansah ngrembaka lan mboten ical saking papanipun.   


Dening Waliy Asluki
NIM 10205244009
       



0 komentar:

Posting Komentar