BIMA SUCI
this site the web

Pilihan Dhukuh Maredan


Pilihan Dhukuh Maredan


Sleman, www.jogjatv.tv - Tanggal 16 Agustus 2011 benjing, kalenggahan Dhukuh Maredan paripurna. Awit saking punika ing dinten Minggu enjing(10/7), Warga Padhukuhan Maredan, Sendhangtirto, Berbah, Sleman ngadani pilihan dhukuh kanthi cara Pemungutan Suara Langsung. 4 calon dhukuh tumut salebeting pilihan dhukuh kasebat.
Kangge sepisanan warga Padhukuhan Maredan, Sendhangtirto, Berbah, Sleman nglampahaken pilihan dhukuh enggal kanthi cara Pemungutan Suara Langsung. Padhukuhan maredan dumados saking 6 RT, lan warga ingkang gadhah hak pilih gunggung tiyang 870. 4 calon dhukuh ingkang tumut salebeting pilihan inggih  punika nomer urut 1 - Achmad Mulyatno, nomer urut 2 - Budiyono, nomer urut 3 - Jurono Kasim lan nomer urut 4 - Condro Priambodo. Miturut Ketua KPPS, Warsidi pilihan punika ngiras minangka pasinaon tumrap warga kangge lampahing demokrasi ingkang resik lan adil. Kaajab pilihan dhukuh saged lumampah satrepipun lan saben calon boten ngginakaken cara money politic.
Salebeting pilihan samangke, sedaya petugas KPPS katingal ngangge busana adat Jawi. Ancasipun kangge nyengkuyung rantaman kadhapukipun Desa Sendhangtirto minangka desa berbudaya. Awit saking punika, maneka kaskaya budaya ing Desa Sendhangtirto dipun cakaken salebeting gesang padintenan, kadosta ngangge busana Jawi lan ugi basa Jawi.

Romadhona Wahyu Nurochman
10205244034
G 2010

0 komentar:

Posting Komentar