Gunungan |
Menapa ingkang wonten ing penggalih
panjenengan menawi kula nyuwun pirsa babagan ”Indonesia menika negara kepuloan?”
Kanthi otomatis mesthinipun panjenengan menggalih bilih Negara kita Indonesia
menika Negara Kepulauan ingkang gadhah sewunan luwih pulo. Negara
Indonesia menika gadhah udakara 17.000 pulo. Saben pulo menika geografisipun
beda-beda. Saengga, caranipun nglengkapi kabetahan saben pulonipun menika boten
sami gumantung kabetahanipun. Gangsa kita menika gadhah kurang luwih 742 basa
daerah, 33 ageman adat, lan atusan tarian adat. Menika kalawau boten
nggumunaken bilih kathah wisatawan asing ingkang remen kaliyan kebudayaan
Indonesia ingkang menarik sanget.
Ngendikaken babagan kabudayan Indonesia
ingkang diklaim kaliyan sedulur kita ingkang caket, inggih menika Malaysia.
Sampun kaping kathah Malaysia menika ngeklim Indonesia kados ta motip bathik,
piranti musik tradisional angklung lan lagu daerah Rasa Sayange, Reog Ponorogo
lan ingkang pawartanipun sakmenika nembe enggal lan gencar-gencare inggih
menika Indonesia meh kemawon kecolongan tari pendet saking Bali. Lan ingkang
nglarakake ati sanget menika Indonesia boten namung diklaim kemawon, ananging
sampun wonten ingkang dipuntetapaken. Perkara nyolong kabudayan menika sanes
perkara ingkang gampil, buktinipun pamerintah boten cak-cek ngrampungaken
perkara babagan budaya sanesipun menika. Amargi sampun boten saged dipunselak
malih menawi netepaken kabudayan dados hakipun piyambak (paten) menika boten
namung nelasaken bea ingkang sekedhik, ananging betahaken bea ingkang kathah
sanget. Ananging kabudayan menika modhal ingkang reginipun inggil sanget
ingkang lan salah satunggaling modhal warisan saking mbah buyut kita sedaya
kala rumiyin. Menapa kita purun kelangan sedaya kalawau? Masarakat Indonesia
sesarengan ngecam babagan kalawau kanthi sedaya cara ingkang saged dilakokaken.
Inggih menika masarakat menika miwiti saking demo-demo dhumateng Malaysia lan
pamarentah Indonesia. Sedaya kalawau ingkang dipuntindakake dening masarakat
Indonesia kalawau leres sanget lan buktekaken bilih masarakat Indonesia
menika gadhah raos nasionalisme ingkang
inggil minangka njagi aset-aset bangsa Indonesia menika. Ingkang dados perkawis
sakmenika inggik menika menapa masarakat kita nembe kemawon sareng-sareng
ngecam babagan kalawau sabibaripun kabudayan kita menika diklaim kaliyan pihak
Malaysia?!. Saumpami budaya kita dipunkendelaken kemawon dicolong negara liya
lan boten dipuncekapaken kanthi saestu lan cepet, saged kemawon dangu-dangu
aset kita satunggal baka setunggal menika dipendhet kaliyan Malaysia lan
pihak-pihak sanes saengga aset Indonesia menika saged dikuasai kaliyan negara
sanes.
Kangge nglindhungi kabudayan Indonesia menika lan ngantipasi
babagan kalawau supados boten kedadosan malih, kedahipun saged
dipunlaksanakaken kabijakan-kabijakan tartamtu dening pamerentah, kados ta UU
ingkang langkung cetha lan langkung ketat malih, damel arsip-arsip ingkang
wujudipun dokumen-dokumen ingkang langkung langkap (detail). Boten namung
nawakaken kabudayan Indonesia wonten ing luar negeri kemawon ingkang tujuanipun
kangge pariwisata. Mliginipun kedah dipunseimbangaken, menapa mekaten,amargi
menika inggih budaya kita, kagunganipun bangsa Indonesia lan dados bukti kangge
donya Internasional bilih menika Lho, Kabudayan Indonesia!! Kedahipun kita
bangga kaliyan budaya Indonesia.
bathik |
Manawi mekaten, Indonesia sampun sigap
menawi sawayah-wayah menika wonten pihak sanes ingkang nyobi ngeklaim budaya
kita, amargi kita sampun gadhah bukti-kukti ingkang langkung kiyat. Indonesia
kaliyan Malaysia menika Negara ingkang serumpun. Sekilas menika wonten
kemiripan wonten ing bidang-bidang tartamtu, ananging menawi wonten ing bidang
kabudayan menika sampun pasti bilih gadhah pambedanipun. Tuladhanipun, ingkang
paling caket kemawon, bathik Jogja menika beda kaliyan bathik Sala. Dados
ingkang letakpipun wilayah antawisipun Jogja kaliyan Sala ingkang boten tebih,
taksih satunggal Negara menika gadhah babagan ingakang beda napa malih Negara
ingkang beda. Jelas kemawon menawi kabudayanipun menika sanes ugi. Miturut
penggalihipun Kuntowijoyo, bilih kabudayan
menika gadhah 3 wujud, inggih menika ingkang kaping setunggal , taksih
arupi ide-ide. Maksudipun taksih wonten ing salebeting penggalihipun manungsa
menika piyambak lan sipatipun boten awujud (abstrak). Ingkang kaping kalih
inggih menika arupi aktivitasipun. Maksudipun inggih menika saking aktivitas
manungsa ingkang saling interaksi antawisipun tiyang setunggal kaliyan tiyang
sanes wonten ing wekdal ingkang mlampah teras lan magepokan kaliyan tatanan
adat kelakonan. Lan wujud ingkang kaping tiga inggih menika arupi asilipun
karya menika. Maksudipun inggih menika kabudayan fisik utawi hasil fisik
(ingkang awujud) saking aktivitas lan karya sedaya masarakat lan sipatipun
paling konkret (awujud ingkang sabeneripun). Wujud ingkang paling pungkasan
menika ingkang sakmenika kita ngendikakaken lan kita jagi saking pihak luar
ingkang bandhe nyolong, mliginipun Malaysia.
Wonten ing mriki, kula boten madosi
makna ingkang pundi ingkang lepat utawi ingkang pundi ingkang leres. Menika
dipunwangsulaken malih kemawon dhumateng masarakat Indonesia, mliginipun dhiri
kita piyambak-piyambak kemawon. Pamrayoginipun, ingkang langkung becik menika
kita kedahipun purun mamiji utawi melajari kanthi langsung babagan kathahipun
budaya bangsa menika, kados ta saking tari-tarian, budaya lokal (wayang kulit,
upacara selametan, upacara temanten,lsp), lagu-lagu, basa, seni-seni,piranti
musik tradisional lsp. Ananging saumpaminpun dipundamelaken polling, kula yakin mesthi sakedhik
saking kita menika ingkang males linuwih boten purun remen kaliyan budayanipun
kita piyambak. Babagan kalawau menika ingkang dadosaken raos prihatos dhumateng
masarakat ingkang menika kalawau. Kathah sanget para mudha lan mudhi ingkang
langkung bangga kaliyan budaya luar ketimbang budayanipun piyambak menika.
Amargi anggepanipun budaya luar menika langkung gaul lan trendy. Tuladhanipun
menika tiyang enem menika ingkang remen kaliyan musik-musik modern (pop, rock,
jazz, metal , R&B) menika langkung linuwih kathah tinimbang tiyang ingkang
remen kaliyan musik tradisional (musik ngangge gamelan, lagu-lagu daerah kados
ta suwe ora jamu,lir-ilir,lsp). Wonten ing Tipi samenikakanthi gampil kita saged
ningali sinetron-sinetron lan film adopsi saking budaya barat lan menapa
kemawon ingkang dipuntampilaken menika langkung kita remeni tinimbang
kethoprak, ludruk, wayang kulit, wayang wong ingkang wonten jaman samenika
kawontenanipun menika sampun jarang sanget kita temokaken. Tiyang-tiyang asing
mliginipun tiyang Eropa, Amerika, Australia,lsp, piyambakipun gadhah raos
antosias (remen) ingkang ageng dhumateng keunikan budaya kita, boten sekedhik
tiyang asing menika ingkang tumut sinau babagan budaya Indonesia. Tuladhanipun,
kathah Bule-bule ingkang nyinaoni
tari-tarian tradisional Indonesia, sinau mainaken piranti-piranti musik
tradisional, lan tumut sinau dados dhalang lan latian nggamel gamelan menika.
Saged ugi wekdal ingkang salajengipun menika, kathah tiyang-tiyang saking luar
Indonesia pinter (mahir) maenaken tarian-tarian kita, mahir nembangaken
lagu-lagu daerah kita (tembang-tembang) lan lincah maenaken piranti-piranti
musik tradisional (angklung, gamelan). Ananging kita sagedipun namung nonton
kanthi raos prihatos dipunsambi kaliyan tepuk asta. Menika sebabipun saking
kirangipun minat kita nyinaoni kabudayang kita piyambak, utawi saged ugi bilih
pamerentah ingkang boten tegas nggalakaken budaya amargi sampun kalah kaliyan
budaya luar menika, percampuran budaya, globalisasi lan sapiturutipun. Saengga
masarakat kita boten mangertos bilih sejatosipun bangsa Indonesia menika bangsa
ingkang sugih kaliyan budaya. Samenika kangge tuladha ingkang prasaja kemawon,
menawi kita nyuwun pirsa dhumateng bocah alit, sinten Gathot Kaca menika? Utawi
sinten Andhe-andhe lumut menika utawi Malin Kundhang? Kula kinten bocah-bocah
kalawau nanging mendhel kemawon amargi boten saged jawab pertanyaan menika.
Nanging bda kaliyan kita nyuwun pirsa babagan NARUTO, SPONGE BOB, utawi DORAEMON.
Kula saged yakin bilih bocah-bocah menika saged ngandharaken jawaban kanthi
jelas dhumateng kita.
tari tor-tor |
Ananging wonten cara sanes ingkang
saged kita ginakaken, inggih menika boten namung nyinaoni langsung kabudayan
ingkang wonten ing negara Indonesia menika ananging kanthi ngertos lan saged
nginterpretaseaken babagan budaya negeri menika ingkang kathah sanget
cacahipun. Kita naung cekap ngertos bilih saking pundi? Kados pundi?
Macem-macem budaya kita. Boten kathah saking kita ingkang ngertos babagan menika.
Tuladhanipun menawi kita nyuwun pirsa utawa disuwuni pirsa, saking pundi tari
Serimpi, tari Serampang 12 menika? Utawi lagu oh inani keke, tokecang, bubuy
bulan berasal, lan sapiturutipun. Taksih kathah sanget kesenian-kesenian negeri
menika ingkang dereng dipunmangertos dening publik. Dadosipun, dudutanipun
inggih menika kados pundi caranipun supados kita mangertos, lan kados pundi
cara supados kita gadhah raos bangga kaliyan kabudayan negeri menika.
Boten hujatan kemawon ingkang medal
rikala kagungan kita (budaya) diklaim kaliyan pihak sanes. Bok menawi saged ugi
kita ngraosaken rasa ingkang kecewa sanget lan nesu dhumateng kedadosan menika
utawi kita naung melu-melu arus opini publik kemawon lan boten mangertos
ingkang saleresipun utawi akar permasalahipun amargi sebagian saking kita
menika remen menghujat?? Masarakat ingkang dereng saged bangga lan ngregani
karya seni saking bangsa menika. Budaya kedah dipunpertahanaken, amargi budaya
menika kalebet identitas bangsa. Menawi boten ngenali identitas kita piyambak,
kita ibarat tiyang ingkang ical wonten ing tengah-tengahipun kalayak rame,
amargi ngenal diri kita piyambak menika tegesipun ngenal potensi saking diri
kita mliginipin Indonesia.
Supados masalah kabudayan ingkang
dicolong menika boten kedadean malih, kita kedah njagi kanthi temen,
nglestantunaken lan nandur raos remen dhumateng kabudayan saking generasi
dhumateng generasi ingkang salajengipun. Saged ugi, kita kedah ngregani para
seniman ingkang susah payah njagi kabudayan kita. Diputunjukaken bilih kita
menika bangsa ingkang ageng, Bangsa ingkang ageng menika bangsa ingkang saged
ngregani kabudayan kita piyambak. Kanthi pangarep-arep bilih salajengipun
sejarah budaya kita ingkang dicolong menika boten kedadean malih! Jayalah
bangsa kula, masarakat adil, makmur, tentram lan gadhah budaya.
Dening:
Mita Nur Anisya
NIM.10205244030
0 komentar:
Posting Komentar