Drs. Sihono,HT.MSi |
Dinten
Jumat, 14 Desember tabuh 13.20 WIB kula wawancara kaliyan Pemimpin Redaksi
Minggu Pagi (2010 – dumugi samenika) Bapak Drs. Sihono,HT.MSi wonten ing
Kedaulatan Rakyat. Ketua Wartawan Indonesia menika asma ingkang asring dipusebat
bapak Ono. Pak Ono menika lair wonten ing Yogyakarta 14 Februari 1970. Pak Ono nyerat
wonten ing media cetak (1995), nyerat Feature (1996), nyerat Press Release
(1996), Artikel (1998), media winten ing Indinesia (2000), dados wartawan
ingkang profesional (2002), gadhah relasi wartawan (2003) lan nyerat materi
diklat jurnalistik tingkat dasar (2004). Riwayat Jabatan wonten ing PWI/SPS
atau Organisasi Komponen HPN inggih menika Seksi Pendidikan PWI Cabang
Yogyakarta (2002 - 2010) lan Ketua PWI Cabang Yogyakarta (2010 – 2015)
Bapak Sihono dan Mita saat wawancara |
Bapak
Sihono menika dados wartawan sampun 22 tahun. Pengalaman ingkang ngesanke
kangge Pak Ono menika kala ngliput wonten ing Gunung Merapi kaliyan
rencangipun. Nggih menika Eko Budiantoro (Wartawan KR) kaliyan Teddy
(Fotografer Bernas). Tahun 1994 merapi menika ngedalaken awan panas ingkang
saged nyapu dusun Turgo. Wonten ing desa Turgo menika nembe wonten hajatan
mantenan. Wonten ing desa menika korban kenging wedhus gembel menika 60
wong. “Kula kaliyan kanca-kanca wartawan
liyane mlayu nylametke awak piyambak-piyambak. Aku karo Eko lan Teddy mlayu
tekan puncak Merapi. Wonten ing puncak menika kula kaliyan kanca-kanca ngucap
ikrar gesang menapa mati sesarengan tiga
wartawan (Sihono HT wartawan KR, Eko Boediantoro Fotografer KR, dan Dedi
Fotografer Bernas) wonten ing puncak bukit Turgo nalika Gunung Merapi mbledhos
tahun 1994. Menawi slamet saking bencana menika badhe dados wartawan saklawase.”
Ngendikanipun Pak Sihono nalika kula wawancara.
Sabibaripun wawancara |
Bapak
Sihono nyariosaken pengalaminun nalika kula wawancara “Pengalaman kula ingkang
ngesanaken lan boten mungkin kula nglalekaken sanesipun menika dados Aktivis
Organisasi Komponen Pers: Wonten ing sawijining dina wayah ndalu, kula
disms kaliyan kanca kula, wartawan senior Yogyakarta Oetomo Subarkah. “Mas, awakku
lemes ora kuat tangi ing Ludiro Husodo”.
Lajaeng sms menika kula bales, “Inggih Pak, benjang sonten kula dhateng wonten
ing Griyo sakit. Amargi wiwit esuk dumugi siang menika kula wonten Uji
Kompetensi Wartawan wonten ing Yogyakarta. Sabibaripun pambukaan UKW wonten ing
UPN “Veteran”, kula angsal sms saking salah satunggal;ing wartawan menawi Pak
Oetomo Subarkah meninggal. Kula minangka Ketua PWI Cabang Yogyakarta sedhih lan
kula nyuwun sedaya peserta lan penguji UKW menika ndongakaken almarhum. Esukipun,
kula layat lan kaget nalika bukak peti jenazah, Pak Oetomo Subarkah ngagem jas
Seragam PWI Yogyakarta lengkap kaliyan pin PWI. Eluh kula boten sanggup kula
tahan malih, medal kanthi deres nalika kula nyaosi sambutan pengangkatan
jenazah.
Dening:
MITA NUR ANISYA
NIM.10205244030
0 komentar:
Posting Komentar