BIMA SUCI
this site the web

Pusakaning Guru Jawa


Kabudayan Jawa samenika saweg dipun usadakaken dhateng pamarentah supados tetep lestantun. Budaya Jawa ingkang sejatosipun dados titikanipun tiyang Jawi, kedah tetep wonten boten pareng ical. Bab menika kedah tetep lestantun supados Jawa menika tetep eksis boten kagulung jaman ingkang samenika kedah IT, Basa Inggris, Demam Korea lsp. Kasunyatan wonten jaman samenika malah 180 derajat kosok wangsulipun. Lare-lare enem ingkang kedahipun dados pucuking tumbak kangge nglestantunaken budaya samenika malah langkung milih budaya asing. Bab makaten kedah dipun antisipasi dening pamarentah. Nanging menawi pamarentah kemawon ugi dados akarya ingkang awrat sanget sebab ingkang mriksani kondisi lapangan boten saged pamarentah teras. Sedaya pihak kedah nyungkuyung supados tetep lestantun. 

Salah setunggaling pilar kangge nyengkuyung pamarentah menika guru basa Jawa. Guru basa Jawa ingkang gadhah tugas makaten kedah paring pangertosan dhateng lare-lare nem ingkang samangke nglajengaken perjuanagan bangsa salah satunggale inggih menika nglestantunaken budaya. Pembelajaran ingkang gadhah pengaruh ageng, amargi langkung menarik pemebelajaran menika mesthi kemawon murid utawi lare-lare nem menika ugi langkung kepengin sinau basa Jawi. Wonten ing mriki guru sanesipun kreatif ugi kedah saged nguasani materi utawi ketrampilan dasar basa Jawi kadasta, Nembang, Gegurit, Pranatacara sukur saged dhalang utawi beksa. Nanging kasunyatan samenika boten sedaya guru saged makaten. Lajeng kados pundi caranipun supados misi budaya menika saged dipun tampi dening lare nem?. Guru kedah langkung kreatif kados pundi supados murid menika saged nampi materi babagan budaya Jawa. Sanesipun guru kedah saged nglampahaken pendekatan dhateng para murid. Ingkang kados menapa bab ingkang para murid senengi?. Wonten perkawis menika guru kedah saged narik kawigatosan para murid menawi jaman samenika ingkang populer "Pencitraan". Nanging ingkang positif, ancasipun tetep setunggal supados budaya Jawa tetep lestantun.
Pramila mangga kangge sedaya para guru basa Jawi kedah tetep wonten ing margi ingkang sampun karancang inggih menika nglestantunaken buaya Jawa. Sampun ngantos misi menika gagal, bangsa piyamabak boten ngertos budayanipun. Intinipun niat, iklhas, kreatif mesti Gusti paring gangsar anggenipun makarya dados guru basa Jawa.

Romadhona Wahyu Nurochman
10205244034
PBD G 2010

0 komentar:

Posting Komentar