BIMA SUCI
this site the web

Tapak Kuda Sembrani

Miturut carios, Sultan Agung damel segara kanthi mbendung kali opak. Segara menika saklajengipun dipunparingi nama Segoroyoso ingkang artosipun segara gawean. Segara gawean utawi Segoroyoso menika dipunginakaken kangge sarana pitepangan antawis Kanjeng Sultan Agung kalihan Ratu Kidul. Salah satunggaling dinten Sultan Agung nembe wonten sakiwa tengenipun Segoroyoso inggih menika wonten ing bukit Permoni ingkang wonten ing sisih kidul kulon Segoroyoso, boten kanyana-nyana dipunrawuhi Ratu Kidul ingkang nitih kuda Sembrani, kuda Sembrani inggih menika jinising jaran ananging gadhah swiwi ingkang saged mabur. Kanthi rawuhipun Ratu Kidul kasebut mila Sultan Agung wawanpangandikan kalihan Ratu Kidul wonten ing Segoroyoso. Nalika Ratu Kidul saweg wawanpangandikan kalihan Sultan Agung, kuda Sembrani kala wau dipuntaleni wonten ing sakiwa tengenipun bukit Permoni. Wonten ing sakiwa tengenipun papan bukit Permoni kasebut wonten tapak tilas utawi jejak-jejak ingkang kalihan masarakat dipungayutaken kalihan kawontenanipun kuda Sembrani. Ing ngriku wonten sekawan lubang tilas sikilipun jaran utawi tapak jaran lan ing sisih ngajengipun wonten legokan ingkang dipunanggep minangka wadhah ombenanipun kuda Sembrani. Lan dugi samenika dening masarakat sakiwa tengen taksih dipunlestantunaken kawontenanipun satemah sinaosa ing sakiwa tengenipun bukit kasebut dipuntambang watunipun dening masarakat kawontenan tapak tilas kasebut taksih dipunjagi.   Waliy Asluki/10205244009     

0 komentar:

Posting Komentar