BIMA SUCI
this site the web

MULA BUKANIPUN DESA SENDHANG REJO KABUPATEN MADIUN


         Miturut sumber lisan saking mas Erwin Susanto warga dusun Sendhang Redjo kecamatan Wungu Kabupaten Madiun ingkang sakmenika pangarsa Karang taruna, nyariosaken  bilih rumiyin mula bukanipun Dusun Sendhang Redjo menika awujud sendhang ingkang toyanipun wening. Kala rumiyin wonten sawijining empu ingkang asmanipun ki Gati asalipun saking tlatah wengker ingkang sakmenika Ponorogo, ki Gati menika kagungan kersa badhe damel pusaka ingkang awujud keris, namung dereng nemokaken panggenan ingkang cocok kaliyan manahipun, piyambakipun lumampah saking desa setunggal – tumuju dusun satunggalipun tumuju iring lor Ponorogo inggih tlatah Purbaya utawi Mediun Nuli ki gati nemokaken tlatah ingkang dipun kersakaken inggih sawijining sendhang ingkang asri kanthi sumber toyanipun kang wening. Ki Gati lajeng ngaso rumiyin saperlu enggar – enggar sarira ing sangandhaping wit nuli mirsani kahanan sakiwa tengenipun sendhang. Ki Gati mangertos sawijing kodhok ingkang pejah dumadakan katiup angin ageng, nyemplung sendang lajeng gesang malih. Mangertosi kahanan ingkang makaten ki Gati rumaos ingkang boten kados padatipun, pramila kiGati rumaos bilih sendhang menika dede sembarang sendhang, langkung – langkung nduweni daya linuwih. Lajeng ki Gati nginep wonten ing sapinggiripun sendhang kanthi semedhi.  

         Nalika semedi Ki gati radi mak tratap katekan ratu siluman welut putih ingkang baureksa sendhang menika. Ki Gati gadhah pikajengan badhe damel pusaka ingkang linuwih kangge gamanipun ratu ing mediun. Lajeng Ratu welut kalawau nyaguhi pikajenganipun kiGati, anggenipun semedhi sampun rampung, lajeng ki Gati nyelupaken keris wonten ing sendang kalawau, dumadakan toya menika muncrat-muncrat kados wonten daya ingkang ageng badhe mlebet ing keris wau. Ki Gati ngantos mboten kiat ngantos semaput, benjingipun ki Gati wungu mangertosi ing sisih tengenipun sampun cumawis keris ingkang linangkung. Ki Gati rumaos bungah, ananging dangu – saya dangu ki Gati dados kepengin mondok ing tlatah ngriki amargi sapinggiring sendhang ingkang asri lajeng remen nyuwun malih dumateng Ratu welut putih kanthi semedhi, nyuwun bilih badhe madegaken dusun ing tlatah ngriki.  Ananging ratu welut kala wau boten kersa ing galih bilih tlatah sendhang menika dados padusunan. Ratu welut sampun sumerep bilih samangke sendhang menika dipunpanggeni manugsa bakal mboten redja malih, mangka anak turunipun welut menika sampun manggen ing ngriku sampun dangu.

Ki Gati nenuwun supados Ratu Welut menika kersa bilih sendhang menika dipundadosaken dusun kanthi semedhi sekawandasa dalu mboten dhahar lan ngunjuk. Mangertosi anggenipun tapanipun KiGati ingkang tumemen. Lajeng Ratu Welut putih kalawau nyaguhi menawi sendhang kasebut dipundadosaken dusun ananging wonten saratipun inggih menika Ratu Welut ngendika menawi : “aku ora bakal ngganggu anak turunmu ning semana uga aja nganti anak turunmu ganggu anak turunku” ki Gati saguh bilih saratipun mekaten. Lajeng dusun kasebut dipun paring asama “sendhang redjo” ing pungkasanipun ki Gati pesen dumateng anak turunipun mboten pareng dhahar welut amargi sampun janji kaliyan Ratu welut boten ganggu anak turunipun. 


Dening
Primastyo Faris Tristianto
NIM: 10205244038


0 komentar:

Posting Komentar