BIMA SUCI
this site the web

PENGUIN



Penguin kalebet manuk ingkang wonten gandheng cenenge kaliyan banyu (akuatik) amargi manuk ingkang mboten saged mabur menika urip wonten ing bumi sisih kidul lan sebageyan wonten ing Kutub Selatan (Antartika). Wonten ugi ingkang Penguin ingkang urip wonten ing sacelakipun Garis Katulistiwa utawi ing laladan dhaerah panas (tropis) inggih menika ing Galapagos, ing Samodra Pasifik. Ukuran awak penguin ingkang paling ageng inggih menika Penguin Kaisar dhuwuripun saged 1,1 meter lan bobotipun 35 kg. Dene ingkang paling alit inggih menika Penguin Peri ingkang dhuwuripun namung watara 40 cm lan bobotipun 1 kg. Pangan pokok penguin inggih menika krill, sawenehe jenis urang cilik, sarta iwak, cumi-cumi, lan kewan-kewan alit segara ingkang saged dipun-cucuk. Penguin omben-ombenanipun toya segara amargi gadhah kelenjar supraorbital ingkang kuwawa nyaring uyah toya segara ingkang mili tumut getih ing awakipun. Penguin wadon kalebet kewan ingkang asih marang anakipun temah menawi salah satunggaling anake ngantos ical amargi katrajang lesus utawi udan es sarta dipun-caplok singa laut, penguin wadon wau bakal nyolong anak saking wadon sanesipun.
Dening Waliy Asluki
NIM 10205244009
Sumber Djaka Lodang

1 komentar:

Unknown mengatakan...

penguin lucu kaya mba wali

Posting Komentar