BIMA SUCI
this site the web

BULUS JIMBUNG


Desa kalikotes ingkang caket kaliyan desa Bayat, ing jaman semana wonten 2 kraton ingkang langkung misuwur. Inggih menika kraton keling lan Kraton Jimbung. Kadadean menika awale saking Sang Dewi Wahdi/ putra keling ingkang tresno kaliyan kakang mas Joko Patohaningkang badhe madosi lemah kelairane. Ananging Baginda boten maringi ijin. Puti Keling tetep ngeyel, badhe ngewangi Joko Patohan madosi tanah klairane, menawa boten diijinke Sang Dewi ngancem bakal mateni awakke dewe. Amargi Sang Dewi angel dipunkandani, Sang prabu mrintahaken Dewi madosi tiyang  ingkang dipuntresnani, lajeng Sang Dewi ninggalke Kraton Keling.
Baginda Raja ingkang murka lan boten remen kaliyan Joko Patohan lajeng nyusul Joko Patohan ngrancang rencana supaya Joko Patohan sengsara.  Lajeng dipunpasangi pundi-pundi ingkang isinipun emas permata ingkang dihletakaken ing  tengah dalan boten adoh saking kraton. Kanthi undang-undang “sinten sing salah bakal entuk ganjaran, sinten ingkang leres entuk karunia”. Lan pas banget ingkang angsal menika Joko Patohan, ingkang boten sengaja dipunpundhut. Lajeng Joko Patohan dipunukum kaliyan algojo kanthi ditugel sikile. Joko Patohan akhire cacat. Salajengipun Putra Keling kasebut ketemu kaliyan Joko Patohan, ingkang sampun cacat. Putra keling ketok sedih. “aku sing njalari kangmas koyo ngene, aku sumpah bakalan nglayani , ngabdi marang kangmas, iki sumpahku, menawa ora terkabul luwih becik aku mati” ujare Sang Dewi.
Satunggaling dinten Ki Poleng lan Ki Remeng pasangan  ingkang ugi prajurit saking Kraton Keling nemoni Sang Dewi, “Aduh gusti sesembangan hamba langkung sae Gusti balik menyang Kerajaan Kelingf”. Sang Dewi kaget kanthi cenanaran lan ngendika “dadi kangmas boten remen kaiyan maksud tekoku mrene?”ki Poleng lan Ki Remeng nyembah lan ngendika “langkung sae Sang Dewi manthuk ing kerajaan Keling”.
Sang Dewi kaget kanthi raut ingkang murka, lan isin. Lajeng mlayu gedruk-gedruknuju bodo usungan. Lajeng Bondo usungan kasebut dipunobrak-abrik, kanthi kringeten lan kebak luh. Kanthi raos nyesel lan isin, sang Dewi ngadep sang Maha Kuaos. Bibar ndedonga Sang Dewi mateni awakke dewe kanthi nujebke keris ing sajroning dadane. Ing wektu Sang Dewi mateni awakke dew, Ki remeng lan Ki poleng boten ngalangi Sang Dewi. Amargi Ki Poleng lan Ki Remeng mikir menawi menika dalan terhormat kangge nebus raos isin amarga ora mungkin bali ing Kraton keling.
Saking utusan Baginda, Ki poleng lan Ki Remeng derek bela, prajurit siap siaga. Pileng lan Remeng nggawa keris kanggo mateni Joko Patohan. Joko Patohan mendel kemawon ngadep kaliyan Tuhan nyuwun pitulungan. Lajeng Ki Poleng lan Ki Remeng dikutuk dados Bulus, lan prajurit sanesipun pada tunduk mawon. Lajeng Bulus menika nyeraki Joko Patohan, kanthi ngulur-ulurke ndase kanti maksud nyuwun ngapura. Joko Patohan ingkang dados Raja Jimbung ngendika “Tak tampa dadi abdiku, lan koe kudu meneng wae ing gua iki, besukke koe bakal dimuliakke uwong”.
Kadadean sang Dewimule krung ing Kerajaan keling ing saklajengipun dados bahan gunjingan. Lajeng patih baginda mrintahaken prajurit kangge ngancuraken Kerajaan jimbung. Amargi kekuatan Kerajaan keling langkung kiat dibangdingaken Kerajaan Jimbung, akhire kerajaan Jimbung kalah lan Joko patohan melarikan dikri ing Kali gawe, kecamatan Pedan.
Kangge nyaosi pakurmatan lan bukti tresna kaliyan sang putri, Ki Poleng lan Ki Remeng , para patih lajeng lan para Prajurit Kerajaan Keling ben taun ziarah ing makan Sang Dewi lan tanggal 8 syawal nyaosi dhaharan kaliyan Ki Poleng lan ki Remeng ingkang sampun jelma dados Bulus, Ingkang dipunkenal kanthi nama Bulus Jimbung.

dening Jasmi Anes
NIM 10205244013

0 komentar:

Posting Komentar