BIMA SUCI
this site the web

Longkang

Heni teka-teka langsung njupuk gedhang goreng sing eneng meja kantin terus cepet-cepet di pangan. Rani “heh kui gedhangku!! Woo!”. “Piro to regane gedhang? Limangatus to! Pelit men!” kandhane Heni. “Yo ora ngono Hen, aku tuku telu, mbok pangan loro, haiyo enthek neng kowe to? Sing bayar kowe wae lah !”. “ Yo mengko tak bayare, biasa wae lo” ujare Heni.
            Isih ana meja kantin, saknalika pada mambu sing ora enak soko selokan sing ngarah neng longkang “Edan, iki ambune apa, ora enak banget” Heni grememeng. Rani malah ngambu-ngambu sekitare, sajakke yo ngrasakke ambu sing ora sedep.
            Pak mujioni sing lagi ngedholi bakso karo siswa liyane sing ana meja ngarepe “pancen, mbak! Ambune ora sedeo saka longkang kuwi!”. Heni karo Rani langsung komentar “ layak, wong laongkang ora tau diresikki sakploke tukang kebone pensiun. Pak Darmaji wes sepuh, sakiki malah lara-laranen. Padahal ben jam aku meruhi sak deret kelas rolas kui yen mbuag sampah lewat jendela sing tibane neng longkang”.
            Heni ngadek langsung deleng selokan sing ngubungake karo longkang kasebut. Mbiyen iki longkang sing dinggo cidatan nek meh neng kantin, kolah, lan sanggar tari. Nanging, amarga saya ciut, pihak sekolahan nggawe sak dalan, lewat kelas sepuluh,lurus tembuse perpus sekolah, latar, terus langsung kantin sekolah, kolah, lan sanggar. Pancen dalanne luwih amba, cerak lan wis kramik. Makane para siswa arang-arang lewat longkang sing cerak kelas rolas.
            Longkang kui sakiki wes reget akeh sampah, akeh suket liar. Kesenengen murid kelas rolas sing sakpenakke dewe ngguwang sampah neng kana. Nggone cerak, gari nguncalke lewat jendela. Sapa yoan sing ameh pada nliti longkang kasebut? Petugas piket yo kepenak, ora perlu mbuang sampah akeh-akeh, amargo sampahe wis pada diguwang neng longkang kasebut. Longkang akeh banget laler, ambune ora nguwati.“Wah iki kudu dio tegasi! Penak timen ...” batin Heni.
            Kebeneran, saka toak sing ana ing pojokan kantin krungu suarane Andi, ketua OSIS SMA N 2 Klaten sing nembe dilantik minggu wingi.
“Woro-woro kangge sedaya siswa-siswi SMA N 2 Klaten, mbenjang sekolah badhe ngawontenaken resik-resik, di emutake para siswa supados mbeto alat-alat kangge reresik. Tugas tiap kelas sakmangke dipun bagi. Nyuwun klerjasama panjenengan sami, menawi boten.......ng....ng.......”
            Omongan Andi mandek, sajakke lagi mikir. Heni lan Rani guneman “ki wong ra sadar apa , omongan nganggo mik, ndadak mikir barang” . siswa liyane ana sing cekikikan anggone ngrungokake woro-woro kemau. 
            “menawi boten wonten sanksinipun, sanksi!! “ Andi nglanjutake omongane sing rada nyentak. Nggawe para siswa ngunggahke alis lan padha nggrundel ora karuan. Siswa lanang sing padha maen basket ana ing lapangan ngarep kelas, saknalika mandhek ngrungokake woro-woro lan nggedhumel, ora padha setuju menawa diwenehi sanksi barang. Siswi wadon sing nonton yo padha sambat.
            Ora sue Joko lan Fitri, pasangan sing wis klop teka karo lambaian tangan. Fitri ngguyu mringis, lansung geret kursi sing ana sampinge Heni. “Eh ngerti ra, kelase dhewe kebagian ngresiki lokang cerake kelas rolas!”. Mripate Rani langsung mlirik kaget, Heni langsung kesedak. Tangane ngranggeh wedang sing langsung diombe. “Sing bener kowe, Fit?” Ra ngapusi!”
            Joko sing ana sandikke langsung kandha “Mbok pikir pujaan atiku iki ngapusi? Mbahmu kui.... jajal tonton ana ing jadwal papan woro-woro” Fitri mandeng Joko karo kethal-kethil. Heni langsung ngentekake panganane, ngadek  sak nyet menyang papan woro-woro. Heni arep protes karo Andi. Kabeh murid wis padha ngerti watakke murid kelas sepuluh siji iki sing ora gampang trima karo keputusan liyan. “mosok kelase dhewe kebagian nggon sing nggilani kaya mangkono! Sejatine kui bageane kelas rolas”
            “Kelas rolas wis enthuk bagian dhewe, ngresiki mejid karo perpustakaan” ujar Joko. Heni soyo ora trimo. Kena apa ora kelas liyane, ngapa kudhu kelase dhewe? Kabeh uwong ngerti kui nggone reget banget, akeh tikut, coro, nyamuk, lan sakpiturute.
            Kebeneran Heni papasan karo Andi Ketua OSIS. Rani wis deg-degan. Heni wis siap-siap nganggo aksi kuda-kuda, siap protes karo Andi sing sejatine kakak angkatane. “ Heh mas, kok kelasku  sing enthuk jatah longkang kuwi? Akeh regetan, nah regetane kuwi saka kelas rolas”. “Dik rasah protes, menika sampun ketentuan!”.
“Wes lah rasah nggaya, mentang-mentang ketua OSIS, terus ketetntuane njajah adik kelas! Salah kelasku apa? Kelas rolas kae kon tanggung jawab, ngguwang sampah sembarangan”
            Rani soyo mumet, kancane ngomong ora aturan. Sejatine dhewekke nsepakat karo Heni, ananging sapa sing wani karo Andi. Andi dadi ketua OSIS yo pilihane guru-guru.
            Andi kaget nemoni dampratan saka adik kelase kui. Cah wadon siji iki pancen brangasan, paling wanikaro uwong liya. “Lorong kui pas kanggo kelasmu, sing kerep nggawe rame”. Heni mlirik...Rani semana uga yo mlirik. Fitri merm malah nggandeng tangan pacare. Sebagian siswa padha nonoto pewrdebatan kui. Sing ngrasa sekelas karo heni, lansung ngadek ana ing mburine Heni.
            “Nggawe rame apa?”, “Wingi kae, demo masalah SPP! Wea rasah ngelak, malh nggawe bingung kabeh gur, kelasmu pancen provokator”. “Eh jajalo kowe takon kabeh murid anan ing sekolahan iki, ora ana sing padha setuju karo SPP sing mundhak!!!!!”. Heni karo Andi isih wae ramen malah udur syo ora karuan. “Ehhhh, Ndi” ujare Satria sing melu nimbrung, sekelas karo Heni. “Kelas ku kan wis diukum, dikon pepe petang jam, kuwi wis ora isoh nggo alesan maneh.
            “Iki printah saka bapak kepala sekolah,guru-guru yo wis padha sepkaat. Yen ora trima, paling yo mung di tokke saka sekolahan”
            Heni sing wes ora tahan pengen damprat bocah kui mau, nanging di cegah karo Rani. “Sabar Hen.... sabar.....”
“Percuma wes Hen,  Andi pancen atos bocahe”
Akhire Heni ngelus dada, karo isih gemremeng ora genah. Malah Heni nangis ana ing oundakke Rani. “Wes wes Fit, santai wae aku nduwe rencana” ujare Satria. Heni langsung gembregah seneng bgt.
            Pas dino reresik, kabeh murid padha sibuk dewe-dewe. Andi mlaku wira-wiri ngatur anak buahe wes kaya bos. Andi mlaku pinuju longkang. Bocah sekelase Heni wis padha sibuk ngresikki longkang sing reget banget, akh nyamuk, coro, ambune ora nguwati. Ana sing babati suket ana sing padha munguti sampah, malah si Rino arep kepleset kulit gedhang.
            Dumadhakan ana suara jeritan ana ing ujung longkang, suarane Gina. Heni lan sak kancane langsung kaget lan gumregah pinuju suara jeritan. “Gin, kowe kena apa?” pitakone Heni. “Ngopo kowe do ngresikki omahku” karo nganngo nada gethak Gina jawab. Heni wis panik, kanca-kanca kabeh yo padha panik ngulatke Gina. Andi mlah clingukan.
“Astaqfirullah, iki piye Gina kesurupan” ujar Satria yo bingungi. Kadaan wes kacau, ora nggenah. Limang murid nyerak lan nggujengi awakke Gina sing mberot-mberot ora karuan. Heni alon-alon nyedaki Gina. “icolna aku, do lunga kabeh” ujare Gina isih karo suara nggereng-nggereng. Ora sue Bu Handayani lan Pak mursit teka. Langsung diambil alih karo Pak Mursit, dicedakki lan ditakoni “ Kowe sapa?”
“Aku sing manggon neng longkang iki”
“Kena apa kowe mlebu ana ing awak muridku iki?”
“Sopo sing akon bocah iki ngresiki panggonanku iki?”
“Pak Kepala Sekolah” uaje Pak Mursit
“Goblok, omahku iki sing oleh ngresikki karo bocah sing kerep ngguwang sampah neng kene, aku wegah ana wong anyar nyedakki omahku, ngerti ora! Sing ngresikki omahku bocah kelas rolas, aku mung gelem siji kuwi”
            Heni karo Rani mung ngampet ngguyu ndelengke Gina sing nesu-nesu kesurupan.
“Dadi, lorong kudu diresikke karo bocah kelas rolas, aku ora sudi ana bocah anyar, nek ora dituruti aku bakal ngejak balaku kabeh nggo ngrasukki murid sak sekolahan iki”
Pak mursit nggegem tangan Gina kenceng banget “Nggih, nggih sendika dawuh”. Pak mursit langsung mrintah Andi supaya njeluk bocah kelas rolas kon ngresiki longkang. Kelasse Heni kebagian mejid wae.
Gina nggyu banter banget, terus langsung klakep meneng ambruk semaput. Awakke tegang, lansung lemes saknalika.
“Gin, Gina, “ Heni ngobyak-obyak awakke Gina. Alon-alon Gina sadar, melek mripate, ndeleng rupane kancane, guru-gurune uga padha ngumpul ana sak kiwa-tengene. “iki ana apa to” ujare Gina. Kabeh do mesem lega, Gina wes sadar.
            Neng UKS mung ana Gina karo Bu Handayani. Hp ne Gina muni sajak enthuk sms “Edan kowe, pemain teater paling jos sak sekolahan, hahahaha ....Heni”.


dening Jasmi Anes
Nim 10205244013

0 komentar:

Posting Komentar