BIMA SUCI
this site the web

Wiwite Jeneng Kutha Gudheg



Kadingaren wis watara jam papat sore, Tuan Winter durung bali. Srengenge wis ancik-ancik pegunungan Menoreh. Sedhela meneh ngglewang, angrem ing paturon.

Saijah tunggu omah ijen. Nglangut! Ngenteni ndara Winter durung katon kondur. Sedhela-sedhela ngawasake wetan omah, durung katon ketebange sepedha kluwuk tuwa. 
 “Nyuwun paring-paring den...!” Saijah mengo, ngener wong lanang mengganggo pating srinthil kuwi. Seka capil tekan sikil ditamatake. Enggal menyat mlebu, njupuk dhuwit ringgit, turahane blanja. Wong emis lungguh sedheku, ngenteni Saijah.
“Iki... nyoh, tahmene nyadhong. Uh...”Cuh...,idune disentakake ing jobin. Anyel marang wong mis, jijik  “Jah...!!!”Sakala njenggirat, Saijah namatake wong emis, tajem. Sing disawang mbukak topine rowak-rowek. Ora dikomandho Saijah njranthal, ngabruk wong emis.
“Kakanggg...! Wong emis nyoba nginggati rangkulane Saijah. Swasana mengeng. Nganti watara suwe ora takon-tinakon.
“Piye ta Kakang? Iki mau piye, kok kakang bisa bisane nglakoni. Kedharang-dharang, ngemis, ngetung lawang?” Sing ditakoni ora mangsuli, njur ngenggokake gunem.
 “Bendaramu endi?” Saijah nginguk wetan omah meneh, kang ditoleh durung ana.
“Durung kondur kang. Kok kang Saiman ndadak takon tuan ki ana apa ta?” Lambene Saiman digeget. Saijah saya bingung, sinambi ngakon mlebu ngomah.
“Wis kene wae.” Pangajake Sairah muspra.
“Aku mau takon apa, durung kok wangsuli.”
Embuh kang biasane wayah mene mesthi wis neng ngomah, iki kok beda karo sabene. Mengko gek ana apa-apa ya?”
“Kanggoku, arep nampa alangan neng dalan apa malah ketabrak bis pisan, ora urusan. Sing baku, nggonku ngemis iki mung tak nggo apus kra wae. Ayo kowe kudu bali nyang ndesa, saiki!!” Saijah kaget, kebak pitakon.
 “Lho, piye ta iki, tenek mengko aku didukani ndara tuan.” Saiman gedheg, saguh nanggung yen ana nesune Tuan Winter.
"Jah...kowe pilih kakang apa pilih nglabuhi wong bule?” Saijah mung meneng bingung.
 “Tuan Winter kae balane mungsuh. Mungsuh bebuyutan sing onra duwe perikemanungsan. Waton prentah. Ya tuan-tuan kuwi sing biyen ngobar omahe bapak lan simbok, nganti wong tuwane awake dhewe tiwa. Kok ya gelem – gelem melu bule.” Saijah ngenam-enam pikire. Nyoba ngudhal wiwitane melu tuan Winter.
“Tuan iki kang nulung aku kan. Nalika ngomah kosong, kaneh geger pepuyengan. Aku mlayu tekan kebon tebu, wusana tuan iki kang nulung aku.”Saiman ora ngrewes, crita dawa dilepeh.
 “Lan malah tuan Winter uga kang nuduhake aku dadi ngerti aksara.” Saiman manjep. Saiman mung nglirik, ngerti yen critane mung dianggep angin liwat wae.
“Arep kepiye wae, dheweke kuwi bangsane penjajah. Penjajah kang wis ngidak-idak leluhur lan wong tuwane dhewe.”Kabeh tuture Saiman, ora mlebu ing pikirane Saijah.
Klepat! Saiman anyel. Enggal menyat arep ninggal omah gedhong tuwa iku. Saijah kaya arep nututi, nanging omah tuwa isih nggendholi.
Pikirane Saijah dadi angglong. Mlebu ngomah, awake dibanting. Dhipane nganti muni mak brekkk. Pikirane tambah kothong. Lagi arep mak ler, tuan Winter wis ngengakake lawang. Saijah kepeksanjranthal nampani kopere.ge dicawisake.
“Air putih Jah!” Banyu putih gage dicawisake.
“Nasi napa kenthang dhulu?” Saijah nareni bendarane. Nyoba nganggo cara mlayu, najan isih catho-catho. Sebab, tuan Wnter dhewe basane uga isih campur. Saijah sethithik-sethithik kecipratan basa Inggris.
“Drink susu?” Tuan Winter gedheg.
 “No...no..., ea ting wae.”Saijah wis tanggap yen sing dikarepake bendarane njaluk mangan kaya biasane.
“Sayur gori menika. Modhel Ngayogya tuan.”Sing dipameri sayur gaya Ngayogya mesem. Seneng marga Saijah wis tambah pinter basa.
“Oke..oke thank...!”.Saijah ngira-ira sing dikarepalke ndarane kon njupukake krupuk sing ana blek.
“Menika krupuk sing onten teng...eh...blek dhing.”Tuan Winter manthuk, najan karepe ora kon njupukake krupuk. Sinambi telab-teleb ngrasakake jangan gori, tuan Winter nggenahake basane Saijah.
“Thank kuwi terima kasih...matur nuwun.”Saijah ngowoh, ngiyani. Ngguyu dhewe, jebul kleru. Ora krasa olehe mangan meh rampung. Saijah isih ubeg rana-rene nyiapake wisuhan. Bareng ndarane undang-undang gage mara.
“Dhik...Saijah!” tekane gita-gita karo nggawa wisuhan.
“Lesat nggih...,lha empun wiwit morning wau je nggen kula nggodhog.” Tuan Winter lega, sabene ora tau dimasakake gori ngono.
   “Eee...good dhikkkk.”Saijah ora mudheng sing dikarepake ndarane. Tuan Winter ngacungake jempole karo nyuwara ngono.
“Inggih, gori menika. Ah...babal ngaten nika.”Rewange nyoba nggagapi sing dikandhakake tuane.
“Tomorrow...good dhikkk.”Saijah mung manthuk, ngertine kang diucapake iku gudhig, jebule ilu pangalembana marang jangan sing digodhog suwe iku. Gandgeng tuan Winter durung ngerti olehe arep nembung, saben-saben njaluk jangan gori mesthi diwori jangan good dhiikk. Owahing tembung banjur dadi gudheg. Wiwit kuwi Ngayogyakarta kondhang dadi kutha gudheg.
Sore iku Saijah kethap-kethip. Mikir werna-werna, marga sajrone telung sasi tuan Winter bakal bali menyang negarane.  “Tigang wulan?”
 “Iya. Kowe tunggu house.!”Saijah manthuk, senajan atine goreh. Ya nalika iku dhewekw mikir kakangne, Saiman. Pituture kakangne sesasi kepungkur, cumithak meneh. Kepeksa ngembangi pikire. Apa kudu mberot, nggoleki kakangne, bali menyang desane?Perang batin ing bengi kuwi, nganti esuke tuan Winter kudu mangkat isih ruwet. Lenggg..., awake kaya diomclang mendhuwur. Angen-angene ala lan becik tarung.

Dening
Mita Nur Anisya
NIM. 10205244030

0 komentar:

Posting Komentar