BIMA SUCI
this site the web

TENTARA OPO PRAMUKA


 Antarane jam 11 awan dina Sabtu bocah sekolah ing SMP imaculata wis pada muleh kabeh. Nurcahyo (yoyok) siswa kelas 3b kang uga awan kuwi muleh sekolah Mlaku.wis dadi piliane sak kluarga yen ora mlaku karo ngepit dadi sarana transportasi saben dina sedina pisan mlaku sedina maneh ngepit. Gentian karo mbakyune sing jenenge nining. Sak liyane kuwi wong tuwane yoyok ora mbiasakake anak-anak e diwenehi sangu kanggo jajan senadyan klebu anak e wong duwe  bapak e yoyok kerjo njabat dadi Ajenrem pangkate mayor uga dadi ketua kwarcab kota Yogyakarta. Ananging padatan ora tau sangu sekolah ora ndadekake kendala kanggone yoyok anggone oleh jajan saka kanca-kancane kang mayoritas Tionghoa nganggo Trik PITU-SETENGAH (Pitulungan Setengah Mekso) hahahaa alias ngompas ning cara alus.
            Wis kaya biasane nalika mlaku yoyok luwih seneng lewat jalan Brigjen.katamso banjur belok ngiwa jalan Ireda.kang biasane para tangga,sdulur,kenalan,mbkyu sak arah sapa ngerti ana nunutan ning wis nganti tekan enthek – enthekan sarean kok ora ana.”ah ora masalah  Banjur ana andong lewat bisa dadi transportasiku kanthi nggandhul andong” haha guneme ing batin yoyok. Ora let adoh nggandhul andong kira-kira 50m saka kene ana rame-rame.”ahh paling yo tabrakan” pikire yoyok. Kanthi rasa kepengen ngerti yoyok marani rame-rame mau mlaku luwih cepet karo thingak-thinguk pengen ngerti luwih cedhak. Bareng wis cedhak yoyok malah was-was  mergo keramean mau ngubengi mobil jeep Willys warna Abang sing dadi kebanggakane bapak e yoyok “wah ana apa karo bapak?” pitakonku ing jero ati ning aku mung bisa meneng nyoba pengen ngerti sak tenane . anehe ning kono ora ana getih kloyoran ning dalan lan ora ana pecahan kaca ning dalan.  Ora ana tanda-tanda ana tabrakan sing parah. “hire Dab,ono opo to iki?” yoyok coba pengen ngerti. “eh kowe to yok? Anu…bocah kene ono sing ditenggel jeep pramuka. Wangsulane gentho ing daerah kui yoyok yo kenal mergo kangmase pacare yoyok. “jeep Pramuka piye to,terus bocahmu piye ??” yoyok rada nesu. “lha kuwi lho jeep Pramuka,Jeep tuwo rupane abang semu coklat sing nyopiri yo  wis tuwo tur nganggo seragam pramuka.bejane bocahku mau bar ditenggel isih kober mlayu kampong ngabari cah-cah supoyo ngrampungi urusane sisan nglarah rembug kepiye karepe?? Lha wong tuwo kok malah ceniningan,wis ngerti neng dalan cilik malah ngebut – ngebut ora tonjo,iyo to!!”
            “lha iyo pancen … tapi kowe ngerti po gabruse antarane bapakku karo bocahmu??soale sak ngertiku bapaku ora yau ngebut,opo meneh nganggo jeep koyo ngono sing sedina mlaku seminggu ndongkrok ning omah arep ngebut sing kepiye??”
            “aku yo mung jarene cah – cah kok ! sik to yok..sing tabrakan karo bocahku ki bapakmu to yok?..yok bapakmu ki tentara opo pramuka sakjane?
Sengaja ra tak wangsuli pitakonan mau.yoyok ngerti temen yen jeep abang mau bapakke.sengaja ngomong ngono mergo mangkel ra kliwat-kliwat.ngelek-elek bapake sing ra podo karo nyatane. Posisi mobil sing wutuh ra ana bundhase nanging dhewek e muni ditenggel. Yoyok coba ngleremke atine kang panas. Yoyok sengaja pie reaksine bapake batine “ sukuurr..bakal ketenggor kowe cah..!” mesti bapaku nesu-nesu ngamplengi utawa ngajar massa sing ana dibubarke karo pistol ditembakke mendhuwur Dor!..Dor!..Dor! yoyok sangsaya tenar ing kampong sebelah mau dadi diwedeni karo gali -  gali (preman) “sst..kae lho sing jenenge yoyok anake pak tentara sing ngamuk wingi!”. Awane yoyok sengaja milih ora metu ning ngomah nunggu bapke kondur,ora let suwe bapak kondur ning bapak tetep wae kaya aktifitas rutine kaya-kaya ora ana kedadean apa-apa.” Piye to bapak iki tiwas kadung aku crita karo tangga – tangga  dikira critaku mau ngapusi..” lagi sorene bapake yoyok angkat bicara “ Aku ora dong karo cah-cah saiki/ wis cetho  kleru ora njaluk ngapura malah nggembelo pethenthengan karo misuh-misuh sakarepe dewe bar kuwi malah terus lunga karo ngrubutke bolone lha aku luwih bingung maneh meruhi tumindhak mangkono malah dibelani bapakke.Untung aku diparingi kuat…!”
Kecelakaan mau awan mulaine saka bocah sing crobo bingung nalika numpak motor karo ngebut nalika mak jegagiiik.. belok kemepeten manengen ing arah kang lawan arah makan kintelan tiba nyungkur ndilalah pas ning ngarep mobil jeep bapakke yoyok, bapak niat arep nulungi malah di kroyok diadili ning bale dilok-lokne di pisuh-pisuhi. Uga kesabarane manungsa ana watese jejere wong ora salah kudu nuntut piye sejatine sing bener endi sing luput,  bapake yoyok ra kuwawa dituduh, nganti ngetokake pistol lan ditembakake mendhuwur nganti genthenge pecah.

Dening:
Primastyo Faris.T
NIM. 10205244038

0 komentar:

Posting Komentar