Awan kuwi kira-kira jam
12, Teguh bali saka sekolah, dheweke mlayu amarga srengenge ing awan kuwi
kaya-kaya arep mbakar kulite bocah kuru kuwi. Teguh bocah kelas 5 SD ing SD
sumber Makmur, omahe ana ing sapinggire Kali Code, wis dadi prakara kang lumrah
yen pas musim rendheng omahe kerep kebanjiran. Bapake wis seda amarga lara
rikala Teguh isih cilik, rikala kuwi ibune ora nduwe biaya kanggo mbayari
pengobatane bapake Teguh. Ibune mung bisa pasrah lan ikhlas ngadhepi musibah
iki. Ibune Teguh, bu Jumi gaweane pendhak dina yaiku ngumbahi klambine
tangga-tangga sakiwa tengene, mung kuwi kang bisa dilakoni amarga bu Jumi ora
nduwe ketrampilan apa-apa. Teguh uga nduwe adhi wedok, jenenge Safitri, umure 7
taun.
Sakwise tekan ngarep
lawang, Teguh banjur uluk salam.
“Assalamu’alaikum”
“Wa’alaikumsalam”,
wangsulane ibune saka njero.
Teguh banjur mlebu, lan nemoni adhine
kang lagi turu ing dipan. Wis telung dina Safitri lara, awakke panas. Ibune ora
nduwe dhuwit yen arep mresake Safitri ing dokter, Safitri mung diombeni obat
kang dituku ing warung ngarep omahe.
“Ganti
klambi sikek le, bar kuwi sholat trus maem”, ngendikane ibune.
“Inggih
bu”, wangsulane Teguh.
Sakwise sholat, Teguh banjur madhang
sega nganggo krupuk. Teguh tansah syukur sanajan mung nganggo krupuk, sing
penting dheweke, Ibune, lan adhine ora nganti kaliren. Rampung madhang, Teguh
banjur siap-siap lunga. Dheweke nyambi kerja dadi loper Koran, Teguh mesakake
yen weruh ibune kerja nganti kesel mung kanggo nyukupi kabutuhane Teguh lan
Safitri. Kanggo mbantu ibune Teguh banjur kerja dadi loper Koran.
“Bu
Teguh mangkat nggih”
“Yo
ngati-ati yo le”
“nggih
bu”
Pas Teguh tekan ngarep lawang adhine
ngomong.
“Mas
mengko nek wis oleh dhuwit akeh, aku tumbaske sepatu sing kaya nggone Bella yo”
Krungu panjalukane Safitri kang lirih
Teguh ngrasa trenyuh, banjur mangsuli, “yo dik mengko mas tumbaske, Safitri
ndang mari yo ben mengko bisa nganggo sepatu anyar”. Safitri mung manthuk.
Teguh
banjur tumuju ing agen Koran njupuk Koran sing arep di dol ing saben dalan.
“Dina iki Aku kudu bisa oleh dhuwit
akeh, supaya bisa tuku sepatu kanggo Safitri”, batine Teguh. Teguh banjur
ngubengke korane ing nol km persise ing ngarep Kantor Pos Gedhe.
“Koran..Koran..Koran..Koran..Teguh
mbengok karo nawake dagangane.
Ananging nganti jam telu sore, dagangane
urung ana sing payu. Teguh banjur mlaku tumuju ing mesjid kanggo sholat asar
sisan leren.
Sakwise rampung sholat,
Teguh donga “Gusti..mugi-mugi panjenengan tansah maringi rezeki marang
kula.Amin”. Rampung kuwi Teguh mangkat ngiderke korane meneh. Nanging tetep wae
ora ana sing tuku korane. Teguh mung bisa pasrah banjur lungguh ing trotoar
karo ndungkluk. Dumadakan, ana mobil werna ireng resik mandheg ing ngarepe
Teguh, saka njero mobil ana bapak-bapak sing arep tuku korane Teguh. Teguh
banjur bungah amarga ana sing tuku dagangane ora mung siji nanging telu sisan.
Saya suwe sing tuku korane saya akeh, dagangane laris Teguh seneng banget.
Dheweke banjur mlayu ing pasar klithikan tuku sepatu dinggo adhine. Tekan pasar
Teguh banjur milih sepatu sing dikarepke adhine, sanajan mung sepatu bekas
nanging wujude isih apik. Bakule banjur ngleboke sepatu sing dipilih Teguh mau
ing plastik kresek. Sakwise mbayar Teguh banjur mlayu bali, atine seneng amarga
bisa nukoke sepatu sing dipingini adhine. Dumadakan udan deres kamangka Teguh
urung tekan ngomah, nanging Teguh tetep mlayu karo nutupi sepatune mau ing
njero klambine.
Sakwise tekan gang arep tumuju omahe,
Teguh weruh tangga-tanggane ing kono. Teguh bingung nanging tetep neruske
lakune, saya cerak omahe saya akeh wong-wong sing padha kumpul Teguh saya
bingung. Tekan ngarep omahe dheweke weruh gendera putih, ing njero omah Teguh
weruh ibune nangis karo ndekep bocah kang wis ditutupi jarik. Teguh ora bisa
omong apa-apa dheweke ngadeg njegegeg awake kaku, sepatu sing ket mau dikekep
tiba ing lemah, teles kena udan.
Dening Waliy Asluki
10205244009
0 komentar:
Posting Komentar