BIMA SUCI
this site the web

Batik Warisan Budaya ingkang Cantik




 
Bangsa menika kedah nguri-uri tradisi batik tulis. Menika minangka njagi kepercayaan donya menawi warisan budaya batik khas Indonesia. Pamarintah ugi kedah tegas antawisipun pengrajin lan pengusaha batik supados batik tulis lan batik cap (printing) saged dipunbedakaken.
Awit batik katetepaken dados warisan budaya, batik ing Indonesia perkembanganipun langkung pesat. Sedaya daerah sami damel batik saengga batik dados komoditas ingkang nggadhahi pengaruh kangge ekonomi regional.
Batik, nalika semana namung kain ingkang wonten motifipun, ingkang dipunginakaken ing acara tartamtu. Dipunanggep ketinggalan jaman, lan mboten pasa kaliyan yuswanipun, tuo, kolot.
Tiyang Indonesia mliginipun tiyang Jawi kedhah remen kalih batik. kula lan panjenengan sami mangertos menawi batik menika warisan budaya saking leluhur, dados nguri-uri menika keharusan. Mboten nguri-uri amerga sampun dipunakui pihak sanesipun, nembe geger nglestantonaken.
Batik inggih menika aset bangsaingkang sarat kaliyan makna, menawi kita saged nyadari berharganya batik menika.batik ugi saged nunjukaken donya menawi Indonesia mboten namung kathah alam ingkang sae, ananging nggadhahi warisan budaya tradisi ingkang dipunuri-uiri kanthi premati lan dados kebangganan.
Bangsa menika kedah njagi tradisi batik tulis. Kasusnyatanipun batik printing menika namung pelengkap saking tradisi batik pengrajin lan industri batik ingkang mroduksi kanthi massal, anging batik printing ugi tumut nglestantonaken tradisi batik minangka warisan budaya ingkang dipuntetapaken UNESCO.
Pengrajin batik tulis klasik ing Solo tasih semangat sanget anggenipun damel batik tulis. Ananging ugi kathah ingkang ngginakaken alat modern hasilipun inggih menika batik cap utawi printing.
Wonten salah satunggaling pengrajin batik tulis ingkang wonten ing Jl. Srikandi, No 5, Serangan, Solo inggih menika R Wiyono ingkang tekun sanget anggenipun mroduksi batik tulis kanthi alat ingkang klasik inggih menika awujud canthing lan malam. Produk batik ingkang dipunproduksi Wiyono menika warisan leluhur. Motif-motif ingkang dipundamek yaiku motif Wahyu Tumurun, batik Truntum Sidomulyo, batik Sidomukti lan sakpanunggalanipun.
Gesang menika sampun jarang ingkang mroduksi batiuk tulis, dipunsebabaken poses batik menika ngginakaken wekdal ingkang langkung sue, rumit lan mboten sedaya tiyang saged. Dados sumber daya manusia ingkang nggadhahi keterampilan menika inggih jarang.
Menawi kula panjenengan yakin batik tulis klasik menika boten saged punah. Amargi, kathah tiyang Jawi ingkang taksih betahaken batik kasebut. Batik tulis klasik biasanipun dingge upacara penganting, seragam kantor, seragam seni lan acara hajatan sanesipun.
Batik menika ugi dados identitas. Identitas Indonesia sampun mesti, ugi dados identitas saben daerah. Daerah-daerah ing Indonesia nggdhahi motif ingkang khas, tuladhanipun batik Solo, Batik Yogya, Batik pekalongan ingkang misuwur lan sanesipun.
Batik tulis klasik boten namung ing Indonesia kemawon, ananging ngantos luar negri, kadosta Jepang lan Belanda. Para toris mancanegara wonten ing ngriki pados batik  kangge latihan nari.
Upaya – upaya ingkang saged nglestantonaken tradisi batik tulis menika saged saking lembaga pendidikan. Gesang menika kathah sekolahan mliginipun SMK ingkang nggadhahi jurusan Batik. Menika sae sanget saged ngrurangi kendala mroduksi batik minangka faktor SDM (sumber daya manusia) ingkang kirang nggadhahi katrampilan babagan batik. Ugi saged ngenalaken tradisi batik lan motif batik kangge generasi muda supados boten ngantos ical. Para kawula muda ugi saged ngembangaken motif batik, nuwuhaken motif-motif ingkang mboten kalah kaliyan motif batik leluhur.
Demonstrasi ing sekolahan ingkang mboten wonten jurusan batik, narasumber  saking para pengrajin batik ugi salah satunggaling upaya nguri-uri budaya batik. murid-murid dipunwastani budaya batik, caranipun batik, alat ingkang dipunginakaken, lan motif-motif napa mawon ingkang dados warisan leluhur.
Boten kesupen cara nguri-uri inggih menika kedhah remen kalih produk lokal inggih menika ngginakaken batik. Kadosta sekolahan, kantor, dinas sakmnenika sami sareng ngginakaken batik ing dinten tartamtu. Menika sae sanget, batik menika warisan ingkang cantik.

Dening  Jasmi Anes
NIM 10205244013
PBD / G

0 komentar:

Posting Komentar