BIMA SUCI
this site the web

Legenda Rawa Pening

Ing salah satunggaling dinten, wonten ing lembah antawisipun Redi Merbabu lan Telomoyo wonten dhusun ingkang gadhah nama Dhusun Ngasem. Wonten ing dhusun menika wonten pasutri inggih menika Ki Hajar saha Nyai Selakanta ingkang kawentar sae budinipun, remen paring pitulungan dhateng tiyang sanes, nanging ngantos dumugi samenika dereng gadhah putra. Ewodene makaten Ki hajar saha Nyai Selakanta menika boten nate cengkah sedaya perkawis menika rampun kanthi musyawarah.
Salah satunggaling dinten, Nyai menika ngalamun wonten sangajenging griyanipun. Lajeng Ki Hajar dhateng. "Nyai, ngapa ta sajake mendhung banget?". pandangonipun Ki Hajar.
Nyai Selakanta taksih amleng kemawon. Sajakipun Nyai menika sampun nglangut dados boten ngertos wonten Ki Hajar.
"Eh, Ki".
"Nyai, apa ta sing lagi mbok pikir?".
"Ora mikirke apa-apa Ki, aku mung ngrasa dhewekan wae Ki. Apa maneh upama Ki lagi lunga. Saupama ana omah iki ana tangising bayi, mesthi wae ora katon sepi, sejatine Ki, aku mung pengin duwe anak".
Mirengaken Nyai Selakanta, Ki Hajar namung saged ambegan dawa.
"Wis ta Nyai, iki mung masalah wektu, Gusti urung bisa maringi putra marang awake dhewe, sing penting aku karo kowe terus dedonga lan usaha".
"Iya, Ki", Nyai Selakanta mangsuli karo mrebes mili.
Ki hajar ugi nelangsa awit mriksani garwanipun nangis.
"Iya Nyi, Upama kuwi sing dadi pangarepmu, ta lunga tapa, nyuwun marang Gusti Akarya Jagad".
Lajeng ngenjangipun Ki Hajar Tindak Tapa, wondene abot badhe kados pundi malih.
Boten dangu, Nyai Selakanta ngraosaken mual, pikiripun ngandhut. Pranyata leres bilih Nyai Selakanta menika saweg ngandhut. Sedangunipun wekdal, lajeng Nyai Selakanta badhe nglairaken, kaget mak tratap sasampunipun ngertos bilih putra menika sanes manungsa nanging naga, wondene naga menika ugi saged micara kados bangsa manungsa. 
Putra menika dipun paring nama Baru Klinthing kapundhut saking nama tobakipun Ki Hajar. Baru menika saking tembung bra ingkang tegesipun Brahmana lajeng Klinthing menika tegesipun lonceng. Baruklinthing dipun rumat ngantos dumugi ageng, salah satunggaling dinten lare menika nyuwun pirsa dhateng Nyai Selakanta, "Biyung, punapa kula gadhah bapa?".
Kaget mak jleg atinipun Nyai Selakanta, nanging menika nyadaraken Nyai bilih sampun wekdalipun Baruklinthing menika ngertos bapanipun. Lajeng Baruklinthing teras dhateng Redi Telomoyo sasampunipun dipun paring ngertos dhateng Nyai menika.
Lajeng Baruklinthing tepang kaliyan bapanipun, nanging Baruklinthing dipun utus supados tapa wonten Gumuk Tugur wonten Dhusun Pathok. Masarakat wonten ing dhusun menika sombong sanget, salah satunggaling dinten masarakat dhusun menika ngawontaken merti dhusun. Para warga beburu wonten wana ing Gumuk Tugur nanging boten wonten kasil, lajeng para warga menika sami wangsul, wonten ing dalan para warga ketemu kaliyan Baruklinthing, lajeng para warga nyembeleh Baruklinthing.
daging Baruklinthing menika dipun bekta wangsul lajeng dipun masak kangge pesta, boten dangu wonten lare alit ingkang badanipun lecet-lecet ugi gadhah mambu amis. Jebul lare menika owahan raga saking Baruklinthing. Para warga lajeng ngusir lare menika, lare alit menika lajeng kesah. boten dangu tepang kaliyan Nyi Latung ingkang nasibipun sami kaliyan Baruklinthing inggih menika dipun usir warga. Lare alit menika nesu kaliyan warga awit sipatipun jahat ugi sombong. 
Baruklinthing mawi kasektenipun lajeng mara dhateng pesta warga, lajeng Baruklinthing nancepaken sada, kangge nguji sepinten ta kesombonganipun para warga. kathahin warga boten saged ngasoraken sada menika, ingkang pungkasan Baruklinthing ingkang nyabut, para warga kaget amargi medal toya ingkang kathah sanget. Lajeng Baruklinthing kaliyan Nyi Latung numpak lesung supados boten kelelep. Lajeng Desa Pathuk dados rawa inggih menika Rawa Pening. Ingkang miturut filosofis Jawa menika Raga nyaWa Pepling Ening, tegesipun sedaya manungsa (raga lan nyawa) kedah tansah eling saestu dhateng Sang Maha Luhung boten pareng sombong lan takabur.

Romadhona Wahyu Nurochman
10205244034
PBD G 2010

0 komentar:

Posting Komentar