BIMA SUCI
this site the web

Lepen Serayu


Lepen Serayu inggih menika salah satunggaling lepen ingkang gadhah tuk wonten ing Kabupaten Wonosobo (Tuk Bima Lukar). Ingkang gadhah aliran wonten ing gangsal kabupaten, inggih menika Wonosobo, Banjarnegara, Purbalingga, Banyumas lajeng pungkasan inggih menika Cilacap. Sumber lepen menika wonten ing Dhataran Inggil Dieng. Lepen Serayu menika dhateng masarakat saendhenging Serayu menika dipun pitados minangka lepen ingkan paling ageng saha minangka sumber panguripan. Lepen Serayu menika gadhah amba kirang langkung antawisipun 12 meter dumugi 25 meter, samangke polipun dumugi Samudra Hindia. Kathah masarakat ingkang dadosaken Serayu menika sumber panguripan nanging Serayu ugi gadhah paedah sanes inggih menika kangge arung jeram, obyek wisata ugi dados Pembangkit Listrik Tenaga Air (PLTA) ingkang papanipun wonten ing Banjarnegara inggih menika PLTA Mrica utawi Bendungan Jenderal Soedirman. Wiwit taun 1997 Lepen Serayu sampun dados arena arung jeram boten namung tingkat daerah utawi nasional, Lepen Serayu ugi dados arena arung jeram tingkat internasional. Jalur ingkang saged dados arena arung jeram menika dawanipun 25 km ingkang saged dipun tempuh antawisipun 4,5 jam dumugi 5 jam. Jalur menika dipun wiwiti saking Desa Blimbing utawi Desa Tunggoro, Kabupaten Wonosobo lajeng dugi Desa Singomerto, Kecamatan Sigaluh, Kabupaten Banjarnegara.

Romadhona Wahyu Nurochman
10205244034
PBD G 2010

0 komentar:

Posting Komentar