“Uwis cukup ora prelu ngetutke terus, aku nyuwun tulung tenan, aku
nyuwun tulung “ mangkono ngendikane Jokowi karo nada sing rasa memelas nalika
nindakake tinjauan ing ngarep Thamrin city, Jakarta pusat. Senin(29/10)
Kandhane Jokowi, dheweke nemoni kangelan nalika nglaksanakake
tinjauan ning lapangan yen terus dikerubung wartawan – wartawan. Dheweke ngaku
ora biso konsentrasi total amarga antusias kang ngluwihi saka awak media.
Kanggo mangerteni nalika Jokowi nindhakake tinjauan menyang
lapangan para pawarta wiwit saka cameramen,reporter lan potografer, ora mandheg
– mandheg njupuk gambar lan mbrondhong pirang – pirang pertanyaan.
Ing liya sisi Jokowi maklumi yen kui minangka anggone tuntutan
jejibahan jurnalistik nalika ngetutake dheweke. : “ya dari jauh saja enggak
usah ngikutin, kalau ngikutin konsentrasi saya buyar” kandhane.
kanggo kelangsungan lan kelancaran jejibahan para pawarta uga dheweke minangka gubernur, Jokowi menehi pilihan kanggo supaya wartawan tetep biso ning Balai Kota, kanggo sateruse Kepala Bidang Humas, Eko Hariadi arep ngandharake apa wae sing wis dilakoni menyang lapangan.
“Kepiye yen mengko pak Eko sing njelasake, dadi ora pada terus
ngetutke aku” Jokowi menehake penawaran.
Entuk wangsulan mangkono ora kabeh wartawan sepakat, “yen TV kan
butuh gambar pak.” Kandhane salah sawijine reporter tv sing ora entuk jawaban
saka Jokowi.
Demi berjalan tugas para pewarta dan juga dirinya sebagai Gubernur, Jokowi memberikan opsi untuk wartawan agar tetap berada di Balai Kota, untuk selanjutnya Kepala Bidang Humas, Eko Hariadi akan menjelaskan apa saja yang telah dilakukannya di lapangan.
Pungkasanipun wartawan sepakat ora maneh ngetutake Jokowi nalika
tilik ing lapangan. Ananging uga ora ana jaminan para pewarta ora maneh
ngetutke kunjungn kerjane esok kui. (ded)
Dening
Primastyo
Faris Tristianto
NIM: 10205244038
0 komentar:
Posting Komentar