Sapa sing kuwat bakal menang. Kang
rosa pidegsa bakal kuwasa. Suwalike kang tinitah ringkih gampang kelindhih.
Tith cilik mekiklik bakal keplethik.
“Jan, ora urus tenan kok Gajah iku.
Dumeh awake mlembeng sak angkruk bedhah, rosa, kuwasa njur ngedir-edirake
kekuwatane.”Sambate si Glathik. Bola-bali angger Glathik netesake mesthi gagal.
Ambyar, ajeg dirusuhi Gajah.
“Piye ta iki, kok Gajah kae saya
mbejujag. Ora duwe welas. Mosok kayu sepirang-pirang didhungkari, wah... ya
kapan awake dhewe bisa gawe lajer keturunan?” Glathik wadon ngembuli nalika
sing lanang ngluputake Gajah.
“Ning ayake awake dhewe pancen kidi
nrima kok, sebab arep piy wae, mesthi kalah. Lha wong Gajah kae rosane tanpa
tandhing. Bareng awake dhewe, mbokmenawa sing paling endhel dhewe.” Sing wadon
nimpali suwaea meneh. Glathik lanang isih mikir. Kepengin golek cara kanggo
ngapokake Gajah.
“Ora. Aja tipis pengarep-arep titah
kuwi. Saiki kowe tunggua omah, aku tak nggoleki mitraku si Kodhok Ijo. Sapa
ngerti kena tak jak tumandang bareng. Sebab, yen mung aku ijen, kon nandangi
Gajah semana gedhene, ha ya ora kuwagang.”Glathik wadon nyarujuki. Glathik
lanang mabur, mider-mider mbliyengi rana-rene , nggoleki Hodhok Ijo.
Srengenge wis longok-longok ing
ereng-erenge gunung. Tanpa mbedak-mbedakake nggone nyunari para titah. Ing
sikile gunung ana omahe papane Kodhok Ijo. Ing bangyu ngemplung Kodhok Ijo
tetembangan, nglipur ati. Ora ketang batine ana sing ngganjel, saben weruh
Gajah ngombe ing rawa iku. Mosok olehe ngogop, embuh pirang pengaron wae sing
mlebu. Nganti rawa sing dinggoni Kodhok Ijo meh kasatan.
Lagi enak-enak nggodhong garing,
nglaras lelagon, ing pinggir rawa ana tamu. Kodhok Ijo minggir, nemoni Glathik.
“Slamet ta suwe ora tau sanja mrene.
Kok suntrut,ngapa?” Kodhok Ijo mbagekake prasaja.
“Waras. Mung ana sing marahi
njontong jrone aku urip iki.”
“Sebabe? Sapa sing marahi mendhekel
kuwi?”Glathik nyritakake lelakone Gajah kang asring siya-siya. Nyatane sakloron
padha nasibe, padhahene dadi korbane Gajah.
“Ning awake dhewe ora kena pasrah
ngono wae. Apameneh njur lunga seka kene, kang baku saiki piye carane ngapokake
watake Gajah.” Pratelane Kodhok Ijo, mbombong. Glathik seneng oleh bala, kaya
tumbu oleh tutup. Lagi ngantuk didhepi klasa.
“Ning njur piye? Yen awake dhewe
nglawan, genahisa diinyek-inyek Gajah.”Sambunge Gathik.
“Saiki kudu gelem ngrekasa sithik.
Kowe nggolekana laler lan semut Ireng, konen mrene mengko tak
rembugane.”Glathik gegancangan nggoleki mitrane, Laller lan Semut Ireng.
Merga duwe kaluwihan bisa
klepar-kleper, mabur , sedhela wae wis bisa ngejak Laler lan Semut Ireng.
“Ngene kanca-kanca, iki ana gawean
ding butuh bantumu.”Kodhok Ijo nyelosake kape.
“Saiki kowe dha tak wenehi tugas.
Mengko yen Gajah kae wis kesel ndungkari wit-witan, mesthine terus leren. Nah,
Laler tak jak jaluk iguhmu. Durung nganti rampung Kodhok Ijo mbage tugas, Semut
Ireng wis ngusulake rekane.
“Wah apik kuwi, yen ngono mengko aku
sing tak ngleboni kupinge ben bingung.”Kodhok Ijo setuju.
“Bagus kuwi, lha Glathik, notholana
awake. Aku tak ngorek neng kene. Tek mlebu jurang ngarep kae, mengko rak dikira
jurang kuwi ana bangyune, yen Gajah pengen ngusapi mripate, ben kejegur.” Rampung
guneman dha temandang gawe.
Gajah lagi leha-leha, ngaso.
Tetalene ogel-ogel, buntute kopat-kapit kesayahen. Enak kio-kio ing ngisor wit,
nglegereng, turu. Ora ngerti sangkane Laler lan Semut. Lalet klakon neleki
matane Gajah. Gajah isih nglegeses, durung krasa.
“Bedhagal elek tenan iki...
adhuuhhh...! Gajah bareng kupinge kleler-kleler, cekot...dicokot semut. Sakala
bingung, poyang-payingan,nunjang-nunjang arep golek banyu. Glathik etuk
kelodhangan males, motholi gegere.
“Thettt...thitt.. korekkkkk-koreeekkkk...
engkek..engkik..”Kodhok Ijo lelagon nyamleng ing jurang. Gajah ora ngira yen
ngarepe kuwi jurang, rekane arep njegur banyu-nanging malah keglundhung babak
belur. Kanteb, suwarane gumlodhag.
Kodhok, Glathik, Laler, lan Semut
dha ngumpul surak, keplok-keplok. Nyengenges marang Gajah sing sok umuk, jebul
keblithuk.
“Horee...”
“Ben kapok, ora sah ditulungi.” Saka
ndhuwur Gajah keprungu gereng-gereng.
Dening
Mita
Nur Anisya
NIM.10205244030
0 komentar:
Posting Komentar