BIMA SUCI
this site the web

Sipus Kembang Telon

Sawijining dina, ing satengahing alas, ana kucing lagi golek pangan. Kucing kuwi mlaku turut dalan cilik, sinambi nembang, “Aku Sipus, aku Sipus, aku Sipus. Sipus sing paling bagus, pinter nyanyi, ora ana sing ngalahke aku. Aku Sipus, aku Sipus, aku Sipus.” Kucing kang lagi mlaku kuwi pancen gembagus, warna wulune putih, perangan weteng lan buntute ana warna semburat ireng, mripate mencirit, suwarane gagah. Kahanan awak kang kaya mangkono kuwi dadekke Sipus kumalungkung.
“Ah…aku ngelih, pengin maem iwak,” Sipus banjur tumuju kali sapinggiring alas. Satekane ing pinggir kali, kucing kuwi leyeh-leyeh sangisore wit. “Fyuh…sayah. Aku tak leyeh-leyeh dhisik ah.” Angine sumilir sumbribit, ndadekake kucing kuwi ngrasa liyer-liyer ngantuk. Ujug-ujug, ana godhong tiba, pas nibani buntute Sipus. “Gandrik…!! Wah, jan..ngaget-ngageti!!” ucape Sipus njenggirat kaget merga buntute krasa grisi ketiban godhong waru.
Sipus malah muni-muni dhewe. Godhong mau banjur ditendhang kecemplung kali. “Huh…aku ki lagi bersantai, malah dikaget-kageti. Godhong mau dicemplungke kali. Sajak ora ngerti yen ing godhong kuwi ana omah ngangrang. Godhong mau keli nanging kesangkut ana ing antarane watu-watu gedhe satengahing kali.
“Alhamdulillah…untung godhong iku kesangkut nang watu-watu gedhe. Coba yen kentir bablas kegawa iline banyu, mbuh wis kaya ngapa awakku iki,” ucape semut ngangrang cilik kang ana ing godhong waru mau. Nanging saiki semut bingung olehe arep nyabrang tekan pinggir. “Hadhu…watu iki adoh saka pinggir kali, kepiye olehku nyabrang.” Srengenge tansaya dhuwur. Sipus kang kawit mau leyeh-leyeh banget anggone ngrasa luwe. Sipus banjur ngadeg sapinggiring kali, nganti-anti yen ana iwak liwat. Durung suwe anggone ngenteni iwak liwat, ana Siti, tikus cilik. Siti mara ing kali kuwi perlune arep ngombe.
“Huss..! ngapa kowe ngombe nang kene. Awakmu kuwi mambu, ngambon-amboni banyu kali kene. Lunga kana..! ambumu kuwi marakke iwak-iwak ora gelem liwat.”
“Meeeeoooowngg..aaaarrkh..!”
Weruh Sipus nesu kuwi, Siti mlayu munggah wit. “Hiiiiiiiiii….jan, kucing sombong, galak!” grundele tikus ana ndhuwur wit.
“Nah, lunga..kana. yen wis ngene ki rak ya ora ana kang ngambon-amboni,” ucape kucing. Kucing banjur nerusake anggone golek iwak karo nembang. Nalikane Sipus lagi ngadhang iwak, saka tengah kali keprungu suwara tangis. Kucing banjur muni,”He..sapa kang nangis neng tengah kali?! “Aku..!” wangsulane Simut.
“Hah? Kowe sapa?” pitakone Sipus.
“Aku Simut. Aku nang ndhuwur watu tengah kali, ora bisa nyabrang minggir.” “Tulungana aku..!”
“Apa? Nulungi kowe?” “eman-eman wuluku..mengko yen aku mrono njuk wuluku teles, eman-eman. Hahaa..” Sipus malah ngguyu ngakak.
Saka dhuwur wit, Siti weruh kadadean kuwi, atine mangkel weruh tumindake Sipus. Mula Siti pengin gawe Sipus sadhar. Saka ndhuwur wit, Siti ngrikiti pang kayu kang mangling pas sandhuwure Sipus. Kayu kang dikrikiti mau metu tlutuhe. Tlutuh kuwi netesi awake Sipus. “Heh..apa iki netesi aku?! Sipus ra nglegewa yen wit kuwi duweni tlutuh warna soklat lan yen wis gupak angel diilangi.
“Pus, saiki wulumu tambah apik,” kandhane Siti saka dhuwur uwit.
“Ho’o pa? wah..mesthi aku tambah ayu ya..” guneme Sipus karo sajak ke-GR-an.
“Ayu tenan” celathune Siti. “gandheng saiki wis tambah ayu, tulungana Simut kae.”
“Nulungi Simut?! Oh sorry ya..!”
“Pelit, sombong, aku ora arep kekancan karo kowe!” Siti mbengok
“Ora ya wis..” unine Sipus sinambi lunga. Bareng Sipus wis lunga, Siti nulungi Simut.
Dina candhake, Sipus mlaku-mlaku sinambi nembang. Ana dalan ketemu Siti, “Hei, aku bagus tenan ta? Aku paling nggantheng ta?” pitakone Sipus. Siti mung manthuk-manthuk.
Simut kang kawit mau ndhelik ana mburine Siti, muni, “Sipus bodho! Ra ngerti pa yen kucing kang wulune werna telu kuwi akeh digoleki manungsa! Hahaa ..”
Ora let suwe, ana manungsa kang lagi mbebedhak. “wah..! ana kucing kembang telon..! dak cekele.” “Pus..pus..pus..wulumu kok apik tenan, ngguantheeeeng..! manungsa kuwi mbujuk supaya Sipus gelem nyerak.
Sipus kang sipate sombong sansaya bungah atine, banjur nyeraki manungsa kuwi. Nalika nyerak manungsa kuwi ngetokake karung banjur nyekel Sipus dilebokake karung.
“Meeoowng..arrrkh..!!” Sipus njerit-njerit. Sipus digawa menyang kutha dening manungsa kuwi. Siti lan Simut mung cekikikan.  

Dening:
Waliy Asluki
10205244009


  

0 komentar:

Posting Komentar