BIMA SUCI
this site the web

Baya Tukang Goroh


            Wonten ing satunggaling kali ing pinggir alas. Ing kali kuwi ana bayane. Bayanipun werna pethak, ireng, lan belang-belang. Baya-baya kala wau urip kanthi rukun. Antaring baya-baya menika wonten baya ingkang badanipun menika ageng sanget. Baya ingkang ageng menika daos Raja wonten ing kelompok baya menika. Raja baya menika merintah kanthi adil lan wicaksana saengga dipuntresanani kaliyan rakyatipun
Wonten ing satunggaling dinten, musim ketiga dowo sanget. Suket-suket wonten ing alas menika podho garing lan wernane sami kuning. Kewan-kewan sing mangani suket menika kathah ingkang mati. Dadosipun baya-baya ing mriku nggih angel mangan amargi angel sanget golek kewan segar ingkang saged dipangan. Kathah baya ingkang kaliren, setunggal baka setunggal baya menika mati amargi kaliren.
Saben dinten menika wonten kemawon baya ingkang lapor kaliayan Raja baya. Baya-baya menika lapor menawi kathah baya ingkang mati amarga kaliren. Raja baya raos sedhih ngraosaken rakyatipun ingkang kenging musibah kala wau. Ungtung kemawon, raja baya menika gadhah kidang lan sapi. Raja baya menika kepengin bagi daging-daging menika dhateng rakyatipun.
Raja baya kala wau nyeluk baya pethak lan baya ireng.
 “Aku tugaske koe wong loro bagi-bagikke daging. Saben esuk koe njikuk daging ing kene. Bagekke daging neng nggone kanca-kancamu!”
“ Hamba siap nglaksanakaken printah Paduka Raja.” Jawab baya ireng lan pethak kanthi kompak.
“Mulai dina iki,kerjakke printahku !” printah Raja baya malih.
Baya-baya menika mohon dhiri, baya-baya menika enggal mendhet daging ingkang dicepakke. Mboten let suwe, baya-baya kala wau bagekkaken daging-daging menika.
            Baya pethak menika bagekaken daging kanthi adhil. Boten wonten setunggal baya ingkang boten angsal daging. Beda kaliyan baya ingkang ireng, daging ingkang kedahipun dibagekaken menika dipangan piyamban. Badan baya ireng saya suwe saya lema. Sampun rampungan baya-baya kala wau bagekaken daging menika langsung ngadhep paduka Raja.
            “Hamba sampun nglaksanakaken tugas kanthi sae, Paduka. “lapor baya pethak.
            “Apik! Apik! Tugasku wis kolaksanakake kanthi becik. “ puji Raja.
Salah sawijining sawise daging, baya pethak menika dolan nggone baya ireng. Baya pethak kaget amarga kathah bathang ing pundi-pundi. Boten tebih saking mriku, baya pethak ndelok baya ireng mangan daging menika. Baya ireng menika ketok nikmati dagingipun. Baya putih nyedhaki baya ireng.
“Kowe mangan jatah kanca-kanca to? Kowe tega nonton kanca-kancamu pating glempang merga kaliren? “ omongane baya pethak.
“Ojo seneng nudhuh kowe!” jawab baya ireng.
“Nanging, deloken apa sing neng ngarepmu kuwi?? Saot baya pethak kanthi nunjuk daging ingkang pating gumlethak. Kuwi urusanku, kowe rasah melu-melu urusanku! Aku pancen mangan jatahe baya-baya kae, trus ngopo?” tantang baya ireng.
“Kurang ajar!” jawabe baya pethak nyerang baya ireng. Baya ireng lan pethak do antem-anteman, kalih-kalihipun tarung seru. Amarga kuwaregen, baya ireng menika obahe lambat. Akhire baya ireng dikalahake ro baya pethak.
Baya ireng dibeto ngadhep Raja Baya. Baya pethak nglaporake kelakuane baya ireng. Sak sampunipin miring saksi-saksi lajeng baya ireng dipun ukum ukuman mati amargi kecuranganipun menika.
“ Baya pethak, kowe wis jujur, adil lan patuh. Dadi sesuk nek aku wis mati, kowe sing duwe hak ngganteni aku. “ menika titahipun Sang Raja dening Baya Pethak.
  
Dening:
MITA NUR ANISYA
NIM.10205244030





0 komentar:

Posting Komentar