BIMA SUCI
this site the web

Masalah etika sak jerone pergulatan manungsa, Budaya ngajeni kang wis luntur, Budaya hedonisme njamur






Endi Pangrasamu he.. Indonesia???
pahlawan sing kudune dihurmati ning apa kasunyatane ? pancen ya kudu mangkene lelakon panjenengan para pejuang, generasi saiki ora ngerti ora rumangsa menawa wong saiki bisa urip merga wong biyen, ya mung kon ngajeni, ngisi kemerdekaan sak apik-apike kang migunani. Jare bangsa sing agung ya kui bangsa sing ngajeni ngurmati jasa – jasa para pahlawane.kaya gambar ning nduwur iso kasebut bangsa sing agung ??ha mbelgedhes lha wong kaya ngono jenenge iso ngajeni para pahlawan?? Aku ra trima ngene ki aku kelara – lara. Pahlawan sing mbiyen adus kringet godres getih nancepake pondasi kamardikan ning Indonesia mung disepelekake ngene iki, pancen kabeh pada picek matane. Kupinge budhek Kudune wong padha mikir sapa sing dadi tumbale kamardikan iki ?  yen kita gelem nyimak sedhela wae nalika mbiyen rakyat bareng – bareng sak yek saeka praya berjuwang ngusir penjajah kanggo mbelani tanah air, kepiye carane amrih rakyat iki bisa bebas saka belenggu penjajahan.  Sebab impene wong jaman mbiyen ki bodo yo wis ben wong jaman mbiyen supaya mbesuk tedhak turune bisa urip mulya bisa ngrasakake kamardikan.
Kudune polone pada mikir, biyen nalika bendera merah putih berkibar tak kira pancen merdeka tenan ning apa mardika gombal amoh. Budaya ngajeni kang wis luntur rasa, maturnuwune karo para pahlawan ora ana, luwih parahe budaya korupsi  sing mbebayani dadi bahaya laten bangsa Indonesia, nek negarane dewe ki menciptakan pamrentahan ki dingo ajang bisnis ngono apa sing jenenge mengayomi rakyate. Hah omong kosong, Negarane dewe saiki pancen wis ora dermawan maneh mring rakyate kabeh2 mung nggo ajang bisnis, hukum nggo bisnis,sekolah nggo bisnis, partai yo mung nggo ajang bisnis, isih ora percaya?? Lha wong merga duwit rong puluh ewu wae masarakat sing kudune milih pemimpin sing adil nanging malah nyoblos gambar penjahat dadi pejabat.Sekolah sing kudune mencerdaskan Kehidupan bangsa malah dingo ajang proyek sing iki sing kae. Rusak e moral kayata ora duwene mental sing ala. Arep diomong kepiye maneh lha wong kasunyatane kaya ngene. Yen aku gelem nyebut iki luwih ekstrime jenenge “Indonesia lagi krisis karakter”.  Ora sithik wong jaman saiki kebablasen anggone tumindak sing jenege moralitas saiki wis ora dicekel kanggo pedomane urip, donya brana saiki sing dinomer sijikke ora liya jagad hedonisme sing sangsaya angel dibendhung. Apa jengenge rak bajingain to kui ?.
Budaya hedonis sing sarwa wah gumebyar, sarwa instan endi sing sugih sing bakal nguwasani,endi sing duwe modal akeh yakui sing nguwasani. Sing sugih sangsaya sugih sing mlarat sangsaya mlarat. Kesenjangan social nang ngendi – ngendi. Ndadekake rasa meri kang nuwuhake tindak kriminalitas. 
Ngengingi Bab budaya, ya kui perangan  kang ora bisa dipisahake saka diri pribadine manungsa saengga akeh wong kang nanggapi diwarisake. Nanging aja budaya sing ala kang diwarisake. Kudune budaya sing apik sing bakal diturunke marang generasi sak teruse. Kayadene budaya sing mangkono kui ora malah gawe majune bangsa nanging malah sangsaya rusak kanthi budaya kang mangkono iku.
Dadi antarane pamrentah karo rakyate saiki wis padha wae, kudune samya dukung antarane hukum kang berlaku, masarakat kudu matuhi. Nanging saiki wae hukume wae ora bener, antarane sing ngadili karo pejabat penegak hukume wae yo wis ora ana sing resik, yen kaya mangkono sapa sing prelu disalahake ?? wis ora ana sing prelu di salahake, luwih apike yen awake dhewe legawa nglegena yen pancen iseh kaya mangkono iku, pancen awkdewe iki rakyat aja sering diperalat,semana uga pamrentah kudu luwih wicaksana anggone njalanke roda pamrentahan. Apa ta apike bantah – bantahan, eyel – eyelan?
            Sakehing godha sarwa gumebyar, magepokan karo bab mau manungsa isa keplintir uripe, pancen yo wajar menawa manungsa abot kadonyane, nanging apa ya nganti kaya ngono, jare wong Jawa mbiyen “ngono yo ngono ning aja ngono”. Iki wis kebablasen tendhesku, nganti ora duwe maneh sipat preduli karo sapada – padane. Coba ta sawangen nganggo atimu aja nganggo pikirmu wae apa yap antes mangkono iku ?
            Apa iya durung kabukak nalar,pikir, pangrasamu kabeh he manungsa? Yen pancen nyata kowe kabeh manungsa kang nduweni agama. Lha wong kewan wae iseh duwe sipat asih karo sapadha – padhane. Apa ya ora isin?
            Rasa hurmat, ngajeni ora mung kanggo pahlawan wae uga marang sapdha – padha marang kang luwih tuwa, semana uga marang kang luwih enom iya kudu duwe sipat asih lan ngayomi. Mangkono bisa nuwuhake keseimbangane ndunya, nanging permasalahane Bangsa Indonesia ora mung winates mung moralitas bae, uga isih ana sisih liyane sing during kasrambah. Mula aja wedi kangelan ! tatag teteg, tanggonpiwelinge para sepuh mbiyen.  Yaiku nalika ngadhepi sakehing kangelan ora gugup ora mbingungi. Ora gampang keguh ing sakehing pengaruh, dadi manungsa aja gampang sambat adol luh prasasat tinatah mendhat jinara menter ora teges enthek pengarep – arepe lan peteng jagade.
            Mangkono andharan sethitik bab budaya ngajeni sing pantes di renungake. Lan sing kaya mangkono iku ojo mung winates ing wacana wae. Aja mung di delok saka elek e basa kang saru nanging prelu digatekake isining (substansi)kang kebak renungan, apa iya awakdewe,bangsane dewe kaya mangkono iku. Mula dibutuhake rasa pangerten. Prelu dimangerteni bab pangerten kui ora bisa disinauni, sebab pangerten kui thukul saka atimu dewe – dewe. Kaya sesanti jaman biyen “mangasah mingising budi” yakui asahen atimu supaya bisa maca kahanan ing sakiwa tengenmu. Sepira ta abote ngajeni, hurmat marang liyan? Mula tepa slira wajib di ugemi supaya anggone ngurip nang alam dunya kebak ing asih katresnan
Gusti Allah wis paring sabda, Gusti Allah ora bakal paring coba ngungkuli kemampuane umate. Arepa abote kahanan ing ndunya iki prelu anane keseimbangan batin. Wong iki isa wae ngomong iki elek,iki ora apik, wong ngarani kui di delok saka point of view nya, wong berpendapat ki gumantung sudut pandangnya
Wong pinter kang iseh gelem njaluk rembuging liyan iku kena dianggep kadidene manungsa kang wutuh. Sapa sing rumngsa pinter, nanging suthik njaluk rembuging liyan, kena diarani manungsa setengah wutuh. Lan sing sapa ora duwe panemu dhewe, mangka ora gelem njaluk rembuging liyan, wong iku kena dianggep babarpisan durung manungsa.

Dening
Primastyo Faris Tristianto
NIM: 10205244038

 


0 komentar:

Posting Komentar