BIMA SUCI
this site the web

Jaka Wit

ing salah sawijining dina ana wit gedhe kang urip subur, godhonge ngrembuyung katon tansah adem ayem. Ora mung kuwi wit kuwi ya, ngasilake woh-wohan sing ana papa ngendi kuwi ora bakal ditemoni ya mung wit kuwi thok. Saben dina wit kuwi dhewe ora ana kewan sing nyerak amarga ana ing wana kuwi ra ana kewane. Wit kuwi dedonga marang Gusti,"Dhuh Gusti kula menika ngasilaken woh-wohan ingkang sae lan enak, awak kula ageng saged kangge damel omah kewan utawi manuk, gdhong kula ugi saged dados empan kewan, nanging kening menapa kula namung piyambak boten gadhah kanca punapa malih anak". Wit kuwi mung isa netesake luh. Saben dina mung bisa donga lan donga, ngarepake dongane bakal diijabahi dening Gusti.
Samlakune dina wit kuwi ra mandheg le donga. Nanging mak grupyuk wit kuwi kaget amarga ana ngarepe ana swara kresek...kresek...kresek..., "apa ya kuwi?", takone wit gedhe kuwi. ora let suwe mak jedhul ana bocah cilik, putih praupane, bagus suryane lan ketok gemesi. "Sapa cah awakmu kuwi?", takone wit gedhe. "kula lare saking dhusun sebrang". wangsulane bocah kuwi. "Kowe mrene karo sapa lan endi wong tuwamu?", pitakone wit gedhe mau. "Kula piyambak, tiyang sepuh kula sampun seda, kula mriki badhe pados panganan amargi sampun tigang dinten dereng mangan", ujare bocah kuwi. Ana atine wit kuwi seneng amarga sasuwene wektu pungkasan Gusti paring wangsulan. "Saiki kowe munggah ana awakku panganen woh-wohan ana ing kene". Banjur bocah kuwi munggah, merga banget lemese bocah kuwi alon banget le munggah. Sawetara lagi mangan, wit kuwi takon maneh,"aranmu sapa le?". Wangsulane bocah kuwi,"kula Jaka, panjenenegan sinten?", takone mbalik bocah kuwi."aku...aku...aku ora duwe nama, nek isa kowe ngundang aku bapak". Ora dinyana Jaka kuwi senenge ra karuan merga duwe kulawrga maneh.
Saben dina wit kuwi dihibur marang polahe bocah sing lucu kuwi. Salah sawijining dina Jaka kuwi pamit arep dolan, mlaku,,,mlaku,,,mlaku bocah kuwi ketemu karo bocah-bocah liya ana ing pasar rupa-rupane bocah-bocah mau nembe padha sekolah, banjur Jaka kuwi bali nemoni bapake kuwi mau. Jaka mung ndungkluk sangareping bapake. "Ana apa le, bali-bali kok malah mrengut ngana kuwi", takone bapake. "Pak, kula wau ningali wonten pasar kathah lare-lare nembe sami sekolah, kula kepengin pinter pak, supados mangke saged nyenengaken bapak", wangsulane lugu bocah kuwi. Wit gedhe kuwi mung isa nangis amarga ngerti niate anake kuwi mau, "Ya le, bapak duwe godhong karo woh-wohan, peten banjur dol ana pasar mesthi dhuwite bisa kanggo biaya sekolahmu". 
Samlakune dina Jaka wis maju gedhe lan sukses anggone sekolah, bareng karo kuwi uga woh-wohan lan godhonge bapake entek, ora bisa ngasilake meneh merga wis tuwa, upamane ana mesti wae kari sithik. Jaka bali ngomah karo gawa ijazah, Jaka saiki wis dadi bocah pinter. Banjur omong-omongan karo bapake, "Pak kula seneng kaliyan kanca kula, kula badhe nikah kaliyan wong wadon ingkang kula senengi pak". Wangsulane bapake,"wah iya bapak melu seneng le, berarti bapak siap-siap duwe putu". Seneng tenan bapake kuwi. Ora let suwe sawise bojo, bapake ajak omong karo Jaka. "le, aku mung duwe kowe, nek kowe lunga aku ora ngerti arep kepriye, saiki iki ana pang gedhe gawenen omah nganggo iki ana ing sebelahe bapak". wangsulane Jaka,"Bapak mangke saged telas pak". nanging bapake mangsuli maneh,"ora le bapak isih urip, merga isih ana oyot sing bisa gawe bapak ngadeg. Banjur Jaka nglakokake apa sing dadi karepe bapake.
Jaka wis duwe pagaweyan tetep, yakuwi dodol sayuran ana pasar merga sandhinge omah ana pekarangan sing bisa ditanduri. Jaka akhire duwe anak, wahhhh tambah seneng bapake Jaka bisa duwe putu. samlakune dina putune kuwi saya gedhe, sawetara wis umur 10 taun anake Jaka jaluk plesir numpak prau amarga, ora ados saka ngono ana pantai. Jaka bingung nganggo apa iki, tuku prau kuwi larang. Jaka ngalamun ana sandhinge bapake, Banjur bapake takon, "le ana apa ta, nglamun ae". Wangsulane Jaka,"makaten pak anak kula nyuwun plesir numpak prau, nanging kula boten gadhah arta kangge nyewa utawi tumbas". "Ya nek ngono iki isih ana kayu rada gedhe saka awake bapak, tugelen banjur gawenen prau". Wangsulane Jaka,"lajeng mangke bapak kados pundi?". Ujare bapake,"sing penting esih ana oyot mesthi bapak isih bisa urip, ndang cepet gawenen". Ora let suwe Jaka gawe prau lan dadi, akhire Jaka pamit karo bapake ta mlesirke anak karo bojone mengko telung dina mesthi bali.
Sasuwe wektu nganti sewulan Jaka ora bali-bali, bapake ora ana sing ngrumat. Bapake mung isa ngajab supaya anake bali sadurunge dhweke mati. Bapake saya cilik saya mengkirut merga ora ana sing nyirami. Jaka mak glegah sadar, awake wis kadohan anggone mlaku lali merga banget senenge, wis mangsane bali omah tilik bapake. Barang tekan omah bapake wis nglempuruk ngono kae. Jaka mung bisa nangis merga lali karo bapake. "Jaka, bapak ora apa-apa, saiki bapak wis bisa deleng kowe seneng amarga kemandirianmu, wis mangsane bapak pamit bali menyang Gusti Kang Murbeng Dumadi, pesene bapak dirumat bojo lan anakmu aja mbok sia-sia", ora let suwe bapak nilar donya. Jaka mung bisa nangis sanangise merga durung bisa gawe seneng bapake.

Romadhona Wahyu Nurochman
10205244034
PBD G2010    

0 komentar:

Posting Komentar