BIMA SUCI
this site the web

Sang Pegiat Sastra Jawa

“Populer menika sanes saking awakipun piyambak ananging saking masarakat” menika wau ngendikanipun sang pegiat Sastra Jawa. Asma jangkepipun Akhir Lusono, S. Sn, miyos surya kaping 25 Oktober 1970. Bapak ingkang akrab dipunundang Pak Akhir menika salah satunggaling tiyang ingkang nggeluti bidang Sastra Jawa. Riwayat pendidikanipun saking SD, SMP, SMEA wonten ing Wonosari, S1 wonten Institut Seni Indonesia (ISI) Jurusan Teater. Pak Akhir menika aktif wonten ing dunia Sastra mliginipun Sastra Jawa wiwit taun 1995. Ing wekdal sakmenika Pak Akhir ngasta wonten ing PPPPTK Seni dan Budaya Yogyakarta bidang Broadcast lan minangka Instruktur. Nalika kula maringi pitakenan suka dukanipun nggeluti dunia Sastra Jawa, Pak Akhir ngendika bilih kathah sukanipun, amargi sedayanipun kawiwitan saking niat ingkang tulus lan ati ingkang seneng. “Dados menawi atinipun sampun seneng Insyaallah sedayanipun saged lumampah kanthi sae” pangandikanipun. Lajeng dukanipun inggih menika masyarakat mliginipun para wiranem mboten kathah ingkang remen kalihan dunia Sastra mliginipun Sastra Jawa menika.
Alasanipun Pak Akhir milih dunia Sastra Jawa menika minangka sumbangsih dhateng Seni lan Budaya ingkang sakmenika kirang dipunremeni kalihan masarakat lan kangge nguri-uri kabudayan Jawi. Pak Akhir maringi pirsa caranipun supados saged nggayuh menapa ingkang dipunpengini inggih menika kedah saged konsisten lan continue sampun ngantos pedhot. Ing pungkasaning wawanpangandikan Pak Akhir maringi pesen kangge masarakat mliginipun para wiranem generasi bangsa bilih kita kedah remen kalihan basa kita piyambak lan saged nguri-uri basa kita piyambak inggih menika basa Jawi. Caranipun inggih saking awakipun piyambak lajeng dumugi masarakat wiyar. “Sampun ngantos kita kesupen kalihan basa kita piyambak”, pungkasanipun pangandikan

Dening Waliy Asluki
10205244009                 
 

0 komentar:

Posting Komentar